Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
71–72 dari 86
702–711 dari 852
5.151 pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | kacarita ngêmasi | bala Kartasura | angrês ing manahira | têngah dalu bubar sami | akuthetheran | kathah kantun nèng margi ||
5.152 nênggih mêdal ing Garêsik lampahira | lajêng ngilèn lumaris | bala Kartasura | mêdal nagri Sêmarang | pan Surèngrana Apanji | bali Nglamongan | dènira anututi ||
5.153 ênêngêna sira Panji Surèngrana | gantya ingkang winarni | Sang Amral Baritman | wus praptèng Surabaya | angirit bala Kumpêni | kalih bragada | apan sampun apanggih ||
5.154 lan Kumêndur lan Apatih Cakrajaya | Kumêndur sigra warti | yèn asor kang yuda | Kumpêni kathah pêjah | Amral langkung banting topi [154: to...pi] | kêlangkung duka | ngambil sêmprong tumuli ||
5.155 wus sinêmprong nagari ing Surabaya | amral ebat ningali | agoyang kêpala | amundhut pari sigra | gêgantung munggèng ing ngarsi | Amral Baritman | kacatur arang bukti ||
5.156 karsanira amangan nisil kewala | miwah yèn arsa guling | dènnya sare sungsang | wus angsal tigang dina | angucap mring ki apatih | Ki Cakrajaya | nagari Surawèsthi ||
5.157 langkung awrat inggih pangraos kawula | lami kula dèn jurit | nagari ing sabrang | akathah ingkang pêjah | dhatêng kawula ing nguni | angraos wêgah | gèn kawula ajurit ||
5.158 nanging mangke nagari ing Surabaya | kula ebat ningali | yèn tan nglampahana | ayahaning narendra | sayêkti kawula bali | botên kaduga | bêdhah ing Surawèsthi ||
5.159 nanging mangke ki patih atur kawula | sampun alit kang ati | inggih pintên bara | wontên pasihaning hyang | sarta barkating narparti |[1] ing Surabaya | bêdhaha dening mami ||
5.160 Ki Apatih Cakrajaya pirêmbagan [155] | lan punggawa pasisir | prakawis ing tingkah | rencang ngulati pangan | ature para bupati | ingkang prayoga | pun adhi Tohjayèki ||
71–72 dari 86

 


narpati. (kembali)