Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
72–73 dari 86
718–727 dari 852
5.167 dening bala Mêkasan wadya Mandura | akathah ingkang balik | marang Radèn Arya | Dikara duk samana | pangran kewran ingkang galih | dyan arinira | kinarya senapati ||
5.168 Radèn Suradiningrat kinèn mangguta | ngirit sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | Pangeran Malik ing kapti | supe ing kadang | dènira rêbat singgih ||
5.169 kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | katur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | katur kiyai patih ||
5.170 sampun têlas ing purwa têkèng wêkasan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abăngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula kang nanggupi ||
5.171 angrêmêta ingsun kakang Cakraningrat | dening salahing gusti | pan inggih kawula [157: ka...wula] | Malang datan ginêga | kathah wêwadule tuni | marang apatya | tuwin marang Kumpêni ||
5.172 langkung suka Ki Apatih Cakrajaya | Amral suka tan sipi | sampun aputusan | marang parau kapal | Kapitan Kartas kang nami | kinèn jathoka | muara Mandorèki ||
5.173 lawan wadya ing Sumênêp pinrentahan | milya radèn ajurit | duta wus tinulak | prapta nagri Mandura | katur sasolah ing nguni | Suradiningrat | langkung trustha ing galih ||
5.174 kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên ing galih | sigra utusan | marang nagari Bali ||
5.175 minta tulung dènira mungsuh rinira | wau ingkang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | pun nunggal ingkang baris ||
5.176 miwah bala Mandura sumuyut samya | pangran kesisan dasih | bubar barisira | arsa marêki kitha | sumahab bala lumaris | ingkang pangarsa | kitha sampun rinakit [158: rina...kit] ||
72–73 dari 86