Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
72–73 dari 86
712–721 dari 852
5.161 kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji ||
5.162 yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang padha lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | adarbe wăngsa | Sirnayuda namèki ||
5.163 Panêmbahan Makaol kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsa sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda lawan pun adhi | pun sirna yuda | nulya dipun timbali ||
5.164 apan dadya kanthine Kyai Tohjaya | kinarya senapati | ing wadya kang nglarag | sakèh wong Kartasura | sampun angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Mandurèki ||
5.165 tinimbalan marang nagri Surabaya | marang rêkyana patih | nanging ing Mandura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari ||
5.166 marganira [156] garwane Arya Dikara | purik dipun kukuhi | marang ingkang rama | Pangeran Cakraningrat | pan sampun dadi kang jurit | êlong linongan | wong Mandura kalindhih ||
5.167 dening bala Mêkasan wadya Mandura | akathah ingkang balik | marang Radèn Arya | Dikara duk samana | pangran kewran ingkang galih | dyan arinira | kinarya senapati ||
5.168 Radèn Suradiningrat kinèn mangguta | ngirit sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | Pangeran Malik ing kapti | supe ing kadang | dènira rêbat singgih ||
5.169 kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | katur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | katur kiyai patih ||
5.170 sampun têlas ing purwa têkèng wêkasan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abăngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula kang nanggupi ||
72–73 dari 86