Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
73–74 dari 86
725–734 dari 852
5.174 kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên ing galih | sigra utusan | marang nagari Bali ||
5.175 minta tulung dènira mungsuh rinira | wau ingkang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | pun nunggal ingkang baris ||
5.176 miwah bala Mandura sumuyut samya | pangran kesisan dasih | bubar barisira | arsa marêki kitha | sumahab bala lumaris | ingkang pangarsa | kitha sampun rinakit [158: rina...kit] ||
5.177 wus kinêpung Sang Dipati Cakraningrat | mêmpên nèng dalêm puri | prajurit kang têngga | nêmatus winitara | ing sabên dina kèh mijil | nusul mring Radyan | Suradiningrat sami ||
5.178 dadya kewran sang Dipati Cakraningrat | tinilar ingkang baris | dadya mupus ing tyas | pan arsa angungsia | pangeran marang Kumpêni | kang anèng kapal | miwah mring ki apatih ||
5.179 wus siyaga lan sagarwa putranira | nêdya numpak jêladri | wau balanira | Radèn Suradiningrat | saking jawi ambêdhili | dadya pangeran | gugup budhal tumuli ||
5.180 apan sampun andhingini lampahira | mring Kumpêni wèh paksi | ingkang anèng kapal | sira Kapitan Kartas | kalangkung suka ing galih | iya matura | ingsun ingkang nulungi ||
5.181 pan Kumpêni besuk ingkang angulihna | marang Mandura iki | miwah ki apatya | rêmbuge wus anèng wang | pan ingsun kinèn ngaturi | mring Surabaya | duta tinulak aglis ||
5.182 Sang Dipati Cakraningrat lolosira [159: lolosi...ra] | mêdal butulan wuri | kapêthuk utusan | lampahe sigra-sigra | sampun prapta ing pasisir | numpak ing palwa | garwa saputranèki ||
5.183 myang kang dasih kang trêsna samya binêkta | numpak ing palwa kunthing | ngunjal marang kapal | pangeran sampun prapta | minggah ing kapal tumuli | Kapitan Kartas | sigra budhal tumuli ||
73–74 dari 86