Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
75–76 dari 86
742–751 dari 852
5.191 lan tinubruk ing kursi pangeran tiba | lênggah dipun popori | myang kang para putra | pêjahe pinoporan | pangeran sampun ngêmasi | murda tinigas | binaktèng Surèngwèsthi ||
5.192 gêmbungira linabuh anèng samodra | Kumpêni ingkang kari | sigra dènnya layar | marang ing Surabaya | wau ta ingkang winarni [161] | Rahadèn Sura- | diningrat sawadyèki ||
5.193 dènnya ngêlut prapta sapinggiring toya | wangsul sawadyanèki | angêbroki kitha | Kumpêni sampun prapta | nagari ing Surawèsthi | sampun apanggya | amral lan radèn patih ||
5.194 katur solahira duk anèng lautan | amral ngungun tan sipi | tuwin ki apatya | langkung pangungunira | dene andêl ing ajurit | Kapitan Kartas | pêjah myang bala ênting ||
5.195 Ki Apatih Cakrajaya wus utusan | dhatêng ing Kartawani | tur uningèng nata | datan kawarnèng marga | prapta Kartasura enjing | punang caraka | cundhuk lawan narpati ||
5.196 sampun katur surat saking ki apatya | kapitèng tyas narpati | langkung ngungunira | punang duta tinulak | kadhahar turing narpati | wus pinatêdhan | angsul-angsul kang tulis ||
5.197 miwah ingkang nuwala Suradiningrat | pinatêdhakkên aglis | duta pinatêdhan | nimbali Radèn Sura- | diningrat mring Surawèsthi | angriga wadya | sakapraboning juri[1] [162] ||
5.198 tan winarna caraka praptèng Madura | pan sampun dèn dhawuhi | wau Radèn Sura- | diningrat sigra-sigra | sakapraboning ajurit | gumrah kang wadya | budhal mring Surawèsthi ||
5.199 sampun prapta Rahadèn Suradiningrat | nagari Surawèsthi | tundhuk lan apatya | miwah Amral Baritman | myang sagung para bupati | pasisir ika | andhèr ngarsaning patih ||
5.200 pinaringkên nuwala maring rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun pinatêdhan | nagari ing Mandura | lawan sinungan wêwangi | gantyani raka | Cakraningrat Dipati ||
75–76 dari 86

 


jurit. (kembali)