Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
59–60 dari 86
587–596 dari 852
5.036 duk Ki Patih Cakrajaya anèng Tuban | lèngsèr Surèngranèki | saking Paronggahan | ki patih sarêng mancal | sira panji wangsul malih | mring Paronggahan | klawan Juragan Bali ||
5.037 Ki Juragan Bali pikir jroning nala | kaya paran si panji | dènnya băndayuda | mungsuh mring sanêgara | dèn lurugi ing pêpatih | Si Surèngrana | dadya mungsuh sang aji ||
5.038 ingsun iki dadya milu wong druhaka | pangrasane kang ati | kala ingsun dagang | layar anèng lautan | marmane ingsun asugih | barkating nata | ingkang sun pundhi-pundhi ||
5.039 milanipun ingsun sugih mas salaka | tan lyan barkat narpati | sun suhun ing murda | ya ta Kyai Juragan | nulya api-api sakit | pan arang mangan | puasa pati gêni ||
5.040 arsa pamit yèn waras [133: wa...ras] măngsa mantuka | milane api gêni | antuk pitung dina | wau dènira pasa | Ki Juragan lajêng misi | katur ing panjya | yèn juragan asakit ||
5.041 Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | marang nagri Garêsik | binotong kewala | wêlingira apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning ||
5.042 tan winarna ing marga Kyai Juragan | sampun prapta Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gêntia winarni | Ki Cakrajaya | prapta ing Surawèsthi ||
5.043 lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | samya jujug ing luji | ya ta kacarita | loji ing Surabaya | Kumpêni kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | sami angati-ati ||
5.044 pan mèh bêdhah rinurah wong Surabaya | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagunging punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni ||
5.045 Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desa Sapanjang | sumêdya ngaturi [134] tulis | marang sang nata | miwah rêkyana patih ||
59–60 dari 86