Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
56–57 dari 86
558–567 dari 852
5.007 pan binakta dhatêng Panji Surèngrana | aran juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | kyai juragan | kêras ambêgirèki ||
5.008 kaduk wani tau aprang ing lautan | wus binakta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine ki juragan | ginadhe sadhatêng apanji |[1] kinèn ambêkta | marang ing Surawèsthi ||
5.009 para dewa pan sami kantun sadaya | anèng nagri Garêsik | pan Ki Surèngrana | budhal sawadyanira | ingkang kinarya pangarsi | Kyai Juragan | tan kawarna ing margi [127] ||
5.010 lampahira sampun prapta nagri Jipang | sampun campuh ing jurit | lan wong Kartasura | sagung para punggawa | pêpakan măncanagari | anèng ing Jipang | ingkang dadya têtindhih ||
5.011 Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | langkung ramening jurit | ya ta ki juragan | bali sigra umangsah | mudhun saking ing turanggi | angamuk ngampak | wong tatêbusan ngiring ||
5.012 Ki Juragan Bali tandange lir yaksa | kang tinarajang isis | wadyabala Jipang | kathah longe kang pêjah | miwah wong măncanagari | kathah kang pêjah | sigra mundur tumuli ||
5.013 sakathahe punggawa măncanagara | myang wong Kartasurèki | kèngsêr yudanira | wontên sakilèn kitha | desa Barongkol dèn goni | para prawira | pan sami abêbiting ||
5.014 kutha Jipang anênggih sampun kancikan | dhatêng Surèngranèki | sigra wontên duta | prapta katur uninga | yèn Sidayu dèn anciki | marang Ki Răngga | Tuban myang wong pasisir [128: pasi...sir] ||
5.015 ingkang kilèn ingirit dhatêng ki răngga | sigra Juragan Bali | kinèn umangsaha | mring Sidayu nagara | sampun binaktan wong Bali | sèkêt kèhira | nulya mangkat tumuli ||
5.016 Ki Juragan Bali lampahe wus prapta | ing Sidayu nagari | campuh dènnya yuda | angamuk Ki Juragan | Ki Răngga Tuban tan gingsir | rame kang yuda | wong pasisir kèh mati ||
56–57 dari 86

 


Lebih satu suku kata: ginadhe dhatêng apanji. (kembali)