Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
63–64 dari 86
627–636 dari 852
5.076 ponang duta atur sêmbah sigra mentar | tan kawarna ing margi | praptèng Surabaya | atur dhatêng ki patya | yèn katarima turnèki | Dyan Cakrajaya | langkung trustha ing galih ||
5.077 Ki Juragan nuli wau tinimbalan | dhatêng ing Surawèsthi | tumênggung ing Têgal | Kyai Kartanagara | Garêsik nênggih kang kari | kinèn jagia | nênggih nagri Garêsik ||
5.078 Ki Tumênggung Têgal prapta Surabaya [140] | lawan Juragan Bali | sampun ingaranan | Angabèi Tohjaya | kalangkung suka ing ati | kang kawarnaa | Panji Kartayudèki ||
5.079 arinipun Ki Arya Jayapuspita | ing mangkya lagya prapti | saking nagri Daha | datan malêbèng kitha | angrêriwuk anèng jawi | kèhe kang wadya | rongèwu winitawis ||
5.080 bala Kartasura kang baris Sapanjang | nênggih kang dèn setani | wong Kartanagaran | tan bisa golèk pangan | yèn sampun akanthi biting | watawis rusak | wadya ing Kartawani ||
5.081 ngiwat-ngiwut sira Panji Kartayuda | pinara pat kang baris | bêdhug têlu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh andhatêngi | angamuk rampak | enjing asar pan prapti ||
5.082 sêdhih kingkin kang baris anèng Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | ingkang ngadhangi marga | ya ta gênti kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||
5.083 lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | kumêndur anêdha | mangsah [141] ing adilaga | punapa kang dèn antèni | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi ||
5.084 ling Kumêndur Gobyo lah ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang kang punggawa | sami kinèn siyaga | sakapraboning ajurit | sagung dipatya | nêmbang têngara atri ||
5.085 nulya mêdal wau saking pabitingan | wong alit samya kardi | têtingkês lan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni ngarsa | dadya dhadhaning jurit ||
63–64 dari 86