Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
64–65 dari 86
632–641 dari 852
5.081 ngiwat-ngiwut sira Panji Kartayuda | pinara pat kang baris | bêdhug têlu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh andhatêngi | angamuk rampak | enjing asar pan prapti ||
5.082 sêdhih kingkin kang baris anèng Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | ingkang ngadhangi marga | ya ta gênti kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||
5.083 lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | kumêndur anêdha | mangsah [141] ing adilaga | punapa kang dèn antèni | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi ||
5.084 ling Kumêndur Gobyo lah ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang kang punggawa | sami kinèn siyaga | sakapraboning ajurit | sagung dipatya | nêmbang têngara atri ||
5.085 nulya mêdal wau saking pabitingan | wong alit samya kardi | têtingkês lan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni ngarsa | dadya dhadhaning jurit ||
5.086 tuwin wadya Makasar Bugis Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dadya pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ingkang pangawat | ingkang pangiwa kering ||
5.087 ingkang têngên kang dadi pangawat kanan | kang minăngka têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasoma Japara | Ki Citrajaya Apatih | pan anèng têngah | tunggil lawan Kumpêni ||
5.088 kadya mêndhung barise rêkyana patya | amor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakèh papan kèbêgan | tanapi bala pasisir [142] | tan kêna ngetang | tinon lir gunung gêni ||
5.089 wadya bala apan sampun asiyaga | ingkang nindhihi baris | apan arinira | Arya Jayapuspita | warnane anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki ||
5.090 kêkasihe gêntèni swargi kang raka | ran Jangrana Ngabèi | kang minăngka dhadha | para kaum sadaya | pan samya rasukan putih | para ngulama | pitung atus kèhnèki ||
64–65 dari 86