Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
76–77 dari 86
757–766 dari 852
6.003 sira Pangeran Mandura | wus tinuduh dadya pangawat kering | ing Tuban Garsik Sidayu | kang dadya kanthinira | anadene wadya pasisir sadarum | dadya panêngên sadaya | dene kang wadya Kumpêni ||
6.004 tan owah kalawan saban | munggèng dhadha ki patih anèng wuri | budhal kang wadya gumuruh | tingkês janggang nèng ngarsa | sira Amral Baritman lawan Kumêndur | Gobyo anindhihi [164: anindhih...i] wadya | gêgaman lir gunung gêni ||
6.005 Dipati Jayapuspita | wus miyarsa mungsuhe andhatêngi | sigraa têngara umyung | gumyah wong Surabaya | pan gumrêgut tandangira dulu mungsuh | wau ta rêkyana patya | kalawan bala Kumpêni ||
6.006 wus acêlak lawan kitha | sampun kèndêl samya anata biting | prasamya amasang ulur | mariyêm wus pinarnah | ing palatar luhur baluwartinipun | wadya pasisir sadaya | prasamya amasang biting ||
6.007 wadya Surabaya miyat | yèn mungsuhe sami angangsêg baris | samya aminggah ing luhur | amasang mriyêmira | nglela kalantaka anakan lan masbun | saksana campuh kang yuda | arame bêdhil-binêdhil ||
6.008 ngagêm sanjata kewala | kang mariyêm anèng ing balowarti | swaranya lir gunung rubuh | surak ambal-ambalan | Ki Dipati Jayapuspita cinatur | minggah dhatêng pêpanggungan | kodhokngorèke tan kari ||
6.009 umung anèng pêpanggungan | amral miyat solahe sang dipati | agoyang kêpalanipun | sigra ingaraharah [165: ingarah...arah] | kinèn nyipat ing mariyêm panggungipun | sinusulan ing gurnada | nanging tiba nèng atêbih ||
6.010 binendrong panggung ingarah | wadya Surabaya malês ambêdhil | samya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyêm siyang myang dalu | padhang wismèng Surabaya | ginunturan gutuk api ||
6.011 nanging wadya Surabaya | datan ana miris ingkang ing galih | kang têngga bitinganipun | eca angura-ura | kang anggambang kang ngrêmbab miwah kang nylêmpung | yèn wayah pukul sawêlas | wong wadone samya ngirim ||
6.012 mring lakine kang atêngga | pabitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong wadon gya sinipat | datan kandhêg eca dènnya gendhong sumbul | lumaksèng ing pabitingan | Kumpêni ebat ningali ||
76–77 dari 86