Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
78–79 dari 86
773–782 dari 852
6.019 ing nguni Dewa Kaloran | samutunge ing mangke angsal malih | duk samana atatêmu | kalawan Surèngrana [167: Su...rèngrana] | miwah Panji Kartayuda sarêng têmu | anèng desa ing Kapraban | wau dènira manggihi ||
6.020 sinunggyan sinuba-suba | apan arsa binaptèng mring nagari | Jayapuspita tan rujuk | dèrèng eca kang manah | maksih suka angadu prajurit kaum | arsa dèn pitambuhana | owêl ta manawi runtik ||
6.021 marma kalih arinira | samya kinèn manggihi Murah Panji | yèn benjang kasoranipun | karsanya ki dipatya | Murah Panji Bulèlèng kêna dèn adu | suda pangandêling Suksma | supe kodrating Yyang Widdhi ||
6.022 ngandêl sêsamining janma | mila suda yitnane ing ajurit | duk srayane dèrèng rawuh | wisma ing Surabaya | kang katiban gutuk api payonipun | ingkang kêni tan tumama | ing mangkya kathah kabêsmi ||
6.023 kuneng ingkang kawuwusa | sira amral lawan rêkyana patih | kalawan Gobyo Kumêndur | sami apagunêman | tuwin ingkang para bupati sadarum | Kumêndur Gobyo sru ngucap | kadipundi ki apatih ||
6.024 yèn ta agung makètêna | aprang mriyêm tanpa wêkasing jurit | yèn rêmbag nêdha pinanggut [168] | sami aprang adhadha | pintên kèhe obat mimis ingkang dhawuh | yèn manggunga babêdhilan | sawindu pan nora busik ||
6.025 wadya punika akathah | wong Kumpêni miwah wadyèng pasisir | myang wadya Mandura pênuh | kalangane punapa | kyana patih angrojongi mring kumêndur | miwah Sang Amral Baritman | ngundhangi bala Kumpêni ||
6.026 myang Apatih Cakrajaya | pra dipati wus samya dèn undhangi | siyaga arsa umanggut | sampun nêmbang têngara | bêndhe tambur gumêrah wadya gumrêgut | budhal saking pabitingan | kotbuta bala kumpêni ||
6.027 tatane baris tan owah | kadya sabên baris lumakyèng ngarsi | kang dèn kabayani ngayun | umyang kang balakuswa | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | miyarsa yèn mêngsah prapta | ing alun-alun abaris ||
6.028 kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ingkang rayi | ingkang munggèng keringipun | sira Jaka Tangkêban | ki dipati minăngka ing dhadhanipun | gêgaman awarna-warna | tinon lir prawata sari ||
78–79 dari 86