Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
79–80 dari 86
782–791 dari 852
6.028 kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ingkang rayi | ingkang munggèng keringipun | sira Jaka Tangkêban | ki dipati minăngka ing dhadhanipun | gêgaman awarna-warna | tinon lir prawata sari ||
6.029 gamêlanira angangkang | ki dipati adhangkrang dèn payungi | bala Kumpêni wus rawuh | sampun ayun-ayunan [169: a...yun-ayunan] | pan agamêng wadya Kumpêni lir mêndhung | sarêng têmpuh ing ayuda | pan sampun bêdhil-binêdhil ||
6.030 kang pangawat sarêng mangsah | wong Kumpêni angêdrèl wanti-wanti | pinirsa lir gêlap sèwu | barung lawan gamêlan | awor suraking bala atri gumuruh | pêtêng madyaning payudan | dening kukus angliputi ||
6.031 sumahab wong Surabaya | kadi mina măngsa sajroning warih | wadya Mandura anêmpuh | myang pasisir sadaya | ramening prang caruk wong kalawan mungsuh | Dipati Jayapuspita | angabani wong pasisir ||
6.032 ambyuk mangamuk manêngah | tingkês janggang sampun dèn obrak-abrik | miwah kang prajurit kaum | pangamuke lir yaksa | ingurugan jêmparing pasêr myang busur | susub kukusing sundawa | wadya Kumpêni kèh mati ||
6.033 Kumêndur Gobyo umiyat | yèn Kumpêni akathah ingkang mati | abanting topiyonipun | sigra ngrêgakên bala | miwah Amral Baritman sarêng umanggut | Kapitan Krêbun lan Lutnan | Pandêr Lènglèng angawaki ||
6.034 myang upêsir sarêng mangsah | Minangkabo Ambon Makasar Bugis [170] | sarêng dènira mangamuk | miwah bala Mandura | pra dipati pasisir ngrêgakên wadu | sakarine ingkang pêjah | Kumpêni mangamuk ngungkih ||
6.035 tan kewran wong Surabaya | pangamuke lir buta măngsa daging | para mantri sarêng ambyuk | payudan tanpa rungyan | samya kuthah ludira sariranipun | anumbak-numbak anigas | gumêr sambate wong kanin ||
6.036 tibane mimis lir udan | tigas ingkang gêgaman ting carêngkling | sêbrak suwèking lêlayu | rêkataking daludag | gêbyog-ginêbyog lêlayu umbul-umbul | saking ramening ayuda | kang sura aganti kêris ||
6.037 sawênèh dugang-dinugang | kuwêl ingkang yuda bithi binithik | arame gêbug-ginêbug | sanjata tanpa karya | tanpa wilang kang mati sungsun atimbun | lêbu malêdug siniram | ing ludira kadi tasik ||
79–80 dari 86