Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
80–81 dari 86
794–803 dari 852
6.040 Kumpêni kalih brêgada | ingkang tumpês kajawi Ambon Bugis | Makasar Bali myang Butun | tumpês tanpa wilangan | Lutnan Pandêr Lèlèng punika kasambut | tumpês sakumpêninira | Kapitan Krêbun ngêmasi ||
6.041 Lutnan Pabadhêm palastra | miwah wadya Surabaya kèh mati | sapih kang yuda kasaput | ing dalu kawarnaa | Ki Dipati Jayapuspita ajumbul | lan sagung prajuritira | lèngsèr mring sawetan kali ||
6.042 baris ing kori sayatra | kithanira pan sampun dèn êbroki | dene sira Ki Tumênggung | Cakrajaya lan amral | duk samana prapta Kumpêni kang bantu | saking nagari Jakarta | kalih bragada kang prapti ||
6.043 pangiride Mayor Kustap | lan Kapitan Pardèmês Luknang Jakim | katri prajurit linuhung | wus panggih lawan amral | pan Kumêndur Gobyo langkung sukanipun | Kumpêni bantune prapta | panggih lawan ki apatih ||
6.044 ing dalu kang kawuwusa | pagunêman sagung para [172] bupati | kalawan para tumênggung | miwah Amral Baritman | myang Kumêndur Gobyo asru dènnya muwus | hèh ki patih paran karsa | punapa kèndêl ing jurit ||
6.045 ki apatih alon mojar | karsaningsun ing yuda sun kèndêli | angasokakên ing batur | sigra Pangran Mandura | asru matur marang sira ki tumênggung | yèn suwawi lawan karsa | lêhêng pinagut ing jurit ||
6.046 mupung dèrèng kêmbul lawan | kadangipun Surèngrana Apanji | myang Panji Kartayudèku | ing mangke lagya mangsah | inggih anèng ing Kapraban barisipun | amanggihi kancanira | pun Bulèlèng Murah Panji ||
6.047 yèn punika anunggêla | yêkti awrat pinanggut ing ajurit | inggih ta sadayanipun | salah siji rêbaha | dyan Kumêndur Gobyo nèmpèl wêntisipun | giyak sarwi latah-latah | itu bêtul lêbih baik ||
6.048 Kumêndur Gobyo punika | cinarita akêras tur bangbang pring | marmanira paksa manggut | saking tan bisa mulat | ing rusake Kumpêni kang manggut pupuh | sêdya angamuk kewala | apêpulih ing ajurit ||
6.049 rêmbag sagunging [173: sa...gunging] dipatya | ki apatih lan amral anuruti | datan kawarna ing dalu | enjing nêmbang têngara | gubar bèri gumrudug swaraning tambur | gumyuh ingkang balakuswa | sami samaktèng ajurit ||
80–81 dari 86