Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
83 dari 86
821–830 dari 852
6.067 pangawatira dèn tilar | sira Jaka Tangkêban sru nyamêthi | ing turăngga sigra mamprung | kuda nandêr manêngah | pun mangun-sih rasning kuda janjan biru | kasangsang ing ganjur atab | binendrongan dening bêdhil ||
6.068 turăngga [177] tan patuk nêngah | katadhahan ing mungsuh kanan kering | Jaka Tangkêban angamuk | watangira ingikal | kinêmbulan ing prajurit ngarsa pungkur | kasan tinumbak kang kêna | ing kering kèh angêmasi ||
6.069 ngarsa mawur tinarajang | wusirasub miwah ing kanan kering | tan kewran pangamukipun | sira Jaka Tangkêban | kudanira katiban mimis wus lampus | niba Ki Jaka lumumpat | lawung katut ing turanggi ||
6.070 putung dyan narik curiga | sira Jaka mangamuk karo kêris | lir andaka tandangipun | ri sêdhêng atan brana | para mantri ing Surabaya andulu | manêngah samya kotbuta | kang katrajang sami ngisil ||
6.071 Jaka Tangkêban wus prapta | ing ngarsaning wau sang adipati | nangis anungkêmi suku | ngandika sang dipatya | lah asoa kulup aja paksa ngamuk | dyan mangsah kang anglut prapta | sangking kering angêbyuki ||
6.072 sira Ngabèi Jangrana | munggèng kanan rame gènira jurit | nanging karoban ing mungsuh | binendrong kering kanan | ingurugan sanjata myang pasêr busur | sira Ngabèi Jangrana | jajanira akrêp kanin [178] ||
6.073 pan ing jawi datan pasah | ing jro rêmpu Ki Ngabèi ngêmasi | wadya Surabaya dulu | sakarine kang pêjah | samya ngamuk lir danawa tandangipun | wong Kumpêni samya tadhah | arame asilih-ungkih ||
6.074 akuwêl dènira yuda | ki dipati sampun ngaturan uning | lamun kang rayi kasambut | Ngabèi Jayèngrana | nyandhak watang Jayapuspita umanggut | lawan wadya dulangmangap | Jaka Tangkêban tan kari ||
6.075 para mantri Surabaya | miyat lamun ki dipati ngawaki | sarêng karuna umatur | dhuh gusti sang dipatya | sampun tuwan age angawaki pupuh | yèn kawula dèrèng pêjah | eca anjênêngi wuri ||
6.076 pan wadya maksih akathah | atanapi têtiyang talangpati | miwah kang prajurit kaum | inggih maksih sudira | dene rayi paduka ingkang kasambut | pun Ngabèi Jayèngrana | kawula ingkang pêpulih ||
83 dari 86