Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
84–85 dari 86
838–847 dari 852
6.084 para mantri Surabaya | pangamuke samya atawan tangis | wau kawarta misuwur | pêjahira Jangrana | para garwa sadaya sami anusul | lan garwane sang dipatya | samya nusul tawan tangis ||
6.085 sapraptanira payudan | para garwa anjrit sami nungkêmi | asambat ngaturi mundur | dhatêng sang adipatya | adandana yèn sampun dandan amanggut | yèn wus kumpul para kadang | pun janji Surèngranèki ||
6.086 myang Apanji Kartayuda | dadya kewran tyasira sang dipati | ginubêl ing para arum | sigra mundur lon-lonan | dyan prajurit Kumpêni samya angêlut | ambêdhili saking wuntat | nanging bala Surawèsthi ||
6.087 narungi sarwi lumampah | golong datan owah tataning baris | samana kasaput dalu | mundur bala Mandura | wong pasisir myang Kumpêni sarêng mundur | kang tumpês madyèng palagan | babrêgadan pra Kumpêni ||
6.088 Ki Apatih Cakrajaya | lawan amral makuwon kitha malih | sira Jayapuspitèku [181: Jayapuspi...tèku] | wangsul ing prênahira | baris kapang warnanên sakèthèng dalu | Panji Surèngrana lawan | Apanji Kartayudèki ||
6.089 miyarsa ing yudanira | ingkang raka rêmpu kari ngêmasi | apanji kalih wus rawuh | seba marang kang raka | ki dipati ginubêl ngaturan mêtu | saking salêbêting kitha | sampun kasompok ing jurit ||
6.090 sang adipati lingira | karsaningsun tumpêsa jro nagari | mungsuh iki yèn sun dulu | kêthèn yutan awêndran | buh tikêle lan wadyèngong Surèngkewuh | ewasamono wak ingwang | sarambut durung gumingsir ||
6.091 kang rayi kalih amêksa | ingaturan nunggil lan Murah Panji | Balèlèng ingajak manggut | sang dipati ngandika | iya marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturing gusti ||
6.092 kang satêngah ana ngucap | botên angsal punika aprang sabil | dene akanthi wong kupur | bala Nungsakambangan | Kêtib Bawa alon dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali ||
6.093 Walănda kapir sikara | dyan akathah kang sami rêmbag mijil | lèngsèr sangking jro [182] kitha wus | myang ari kalih maksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati wus mêdal | saking praja sawadyèki ||
84–85 dari 86