Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 6
85–86 dari 86
844–852 dari 852
6.090 sang adipati lingira | karsaningsun tumpêsa jro nagari | mungsuh iki yèn sun dulu | kêthèn yutan awêndran | buh tikêle lan wadyèngong Surèngkewuh | ewasamono wak ingwang | sarambut durung gumingsir ||
6.091 kang rayi kalih amêksa | ingaturan nunggil lan Murah Panji | Balèlèng ingajak manggut | sang dipati ngandika | iya marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturing gusti ||
6.092 kang satêngah ana ngucap | botên angsal punika aprang sabil | dene akanthi wong kupur | bala Nungsakambangan | Kêtib Bawa alon dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali ||
6.093 Walănda kapir sikara | dyan akathah kang sami rêmbag mijil | lèngsèr sangking jro [182] kitha wus | myang ari kalih maksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati wus mêdal | saking praja sawadyèki ||
6.094 angumpul lan arinira | sampun ngumpul Kapraban sang dipati | amung kèndêl kalih dalu | lajêng dhatêng kaputran | akêkuwu saha wadyakuswa umung | myang bala Nungsakambangan | pun Bulèlèng Murah Panji ||
6.095 tunggil baris nèng kaputran | nanging têbih lawan sang adipati | miranti sawadyanipun | wau kang kawuwusa | Amral Britman lawan ki apatih wau | Cakrajaya wus miyarsa | yèn Japuspita Dipati ||
6.096 lèngsèr sing pintu sayatra | nèng kaputran mangkya dènira baris | kumêndur arsa angêlut | nanging amral tan rêmbag | miwah sira ki apatih datan rêmbug | Kumêndur Gobyo amêksa | dadya sagung pra dipati ||
6.097 samya urunan kewala | rong bragada Kumpêni kang dèn irit | sigra budhal barisipun | datan kawarnèng marga | Amral Britman lawan sira ki tumênggung | sami angantun nèng kitha | mung urunan para mantri ||
6.098 Kumêndur Gobyo lampahnya | sampun prapta kaputran sawadyèki | wong Surabaya a[...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[1]
85–86 dari 86

 


Belum menemukan halaman yang tersisa dari naskah ini. (kembali)