Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
2–3 dari 86
19–28 dari 852
1.019 duta kang sangking Tatêgil | ature datan prabeda | miwah ta wau dutane | Ki Tumênggung Mangkuyuda | samya matur ing nata | abdi dalêm nuwun bantu | wagugên ing tyas sang nata ||
1.020 kabubuh wong gandhèk prapti | ingkang saking ing Bungaran |[1] nguni dadya jêjênênge | Ki Tumênggung Jayaningrat | aran Mas Pangalasan [5: Panga...lasan] | abdinira sang aprabu | panakawan alit mila ||
1.021 tanpa larapan duk prapti | makidhupuh ngarsa nata | Mas Pangalasan ature | kawula atur uninga | dhatêng panduka nata | yèn mangke abdi sang prabu | Jayaningrat malik tingal ||
1.022 tundhuk dhumatêng Sêmawis | miwah wadya urut marga | pan sami binaktan kabèh | nungkul dhatêng ing Sêmarang | ing mangke Jêng Pangeran | Pugêr sampun madêg ratu | wontên nagari Sêmarang ||
1.023 jêjulukira narpati | Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngapdulrahman Sayidina | Panata ing Agama | dene mangke wartinipun | arsa budhal saha bala ||
1.024 sangking nagari Samawis | dhatêng nagri Kartasura | sampun rêmbag punggawane | Kumpêni Bugis Makasar | anjog ing Salahtiga | dene kang wadya panganjur | Mandura lan Surabaya ||
1.025 ya ta anglês sri bupati | miyarsa aturing wadya | sinamur asru wuwuse | hèh [6] Apatih Sumabrata | age sira dandana | sira lungaa anglurug | barisan ing Salahtiga ||
1.026 pêpêtana ingkang margi | miwah sakèhing bupatya | kang padha kalah pêrange | padha sira kongkonana | ngumpula Salahtiga | ki apatih awotsantun | sigra jêngkar sri narendra ||
1.027 Patih Sumabrata aglis | sigra anêmbang têngara | gong bèri umyang syarane | orêg wadya Kartasura | bupati saha bala | jawi datan wontên kantun | andhèrèk rêkyana patya ||
1.028 dene kang têngga ing wuri | rumêksa sri naranata | wadya gêdhong kêparake | Ki Sumabrata glis budhal | marang ing Salahtiga | syaraning wadya gumuruh | kadya umbaking samodra ||
2–3 dari 86

 


Ungaran. (kembali)