Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
4–5 dari 86
33–42 dari 852
1.033 Pênêmbahan Mandurèki | matur ing sri narapatya | atur uninga wiyose | pun Tumênggung Tirtanata | inggih mangke pralena | pun Tukup dhatêng pun Wabru | bêkta bala Kartasura ||
1.034 dene pun Wabru Dipati | putrane Rănggalêlana | taksih sumiwèng ing mangke | dhatêng Nata Kartasura | nguni pun Tirtanata | pan kawula utus mantuk | jagani nagri Santênan ||
1.035 pun Rănggalêlana nguni | ingkang caos mring Samarang | sang nata runtik muwuse | hèh adhimas [8: a...dhimas] ing Mandura | pan Si Rănggalêlana | pan ing mêngko kêna ngukum | age sira sudukana ||
1.036 panêmbahan atur bêkti | wus angatag wong Mandura | Ki Răngga cinêkêl age | apan sampun sinudukan | Ki Răngga wus palastra | murdane pinanjêr sampun | nèng alun-alun Samarang ||
1.037 sang nata maksih tinangkil | sigra Tuwan Amral prapta | ingkang saking Batawine | katur dhatêng sri narendra | amral wus tinimbalan | sapraptanira ing ngayun | sampun sami têtabean ||
1.038 Tuwan Amral matur aris | sang nata amba dinuta | Tuwan Jendral Batawine | kinèn bantu mring panduka | lamun têmpuh ing yuda | wong Kumpêni gangsal atus | inggih kang kawula bêta ||
1.039 lan aturipun pun kaki | jèndral kang dhatêng panduka | pun Kênol inginggahake | dadya komasaris bêsar | lan nagari Samarang | dipun tanêmi kumêndur | yèn wontên lilah panduka ||
1.040 dene Japara kang laji |[1] inggih Petor kang ajaga | nanging têksiha lojine | lan [9: la...n] pun dipati Samarang | kenginga sampun sowan | yèn tan sarêng lan kumêndur | dhumatêng ing Kartasura ||
1.041 lawan aturipun malih | tulusa gèn saudara | lawan sang nata ing têmbe | sintên ingkang ngawonana | sampun manggih raharja | ya ta samana sang prabu | angrojongi aturira ||
1.042 sapêncorong ingkang sasi | sagêbyare kang raditya | sapa ngalanana têmbe | aja na nêmu raharja | wong Jawa lan Walănda | saudara sabiyantu | lulusa tan kêna owah ||
4–5 dari 86

 


loji. (kembali)