Tembang macapat
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 6
5–6 dari 86
43–52 dari 852
1.043 | anuju ing dina Kêmis | nata dènnya prajanjeyan | ping songanglikur[1] tanggale | Jumadilakir kang wulan | taunira Jemawal | Tuwan Amral nurat sampun | akarya buk prajanjiyan || |
1.044 | sigra kang têngara muni | sanjata lir gunung rêbah | nata alon timbalane | adhi êmas ing Mandura | sakèhing pra bupatya | padha undhangana gupuh | pradandanan ing ayuda || |
1.045 | sakèh bupati pasisir | padha sira timbalana | panêmbahan tur sêmbahe | pukulun abdi panduka | sampun pêpak sadaya [10] | miwah sadêdamêlipun | sampun sumaos ngayuda || |
1.046 | kang ngandika sri bupati | yèn wis samêkta ngayuda | padha undhangana kabèh | ing dina Soma saosa | iya dipun samêkta | pan ingsun arsa anglurug | mring nagara Kartasura || |
1.047 | panêmbahan matur aris | lan Dipati Surabaya | anuhun dukane katong | lamun marêngi ing karsa | lawan panduka nata | sampun tumindak anglurug | panduka eca kasukan || |
1.048 | wontên nagari Samawis | dene kang nanggulang yuda | angrurah Kartasurane | sampun wontên ing kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang ing kalbu | bêdhahe ing Kartasura || |
1.049 | tan lêga raosing galih | yèn dèrènga tamèng jaja | lan natèng Kartasurane | arsa lantarana asta | atakêra ludira | dahat purun gênti lawung | saking sakite kang manah || |
1.050 | yèn kawula lanang jurit | angsal barkating narendra | yèn sampun bêdhah sang katong | nagari ing Kartasura | nun wangsul patikbra [11] |[2] dhatêng Samawis pukulun | amondhongi mring panduka || |
1.051 | sa[3] nata ngandika aris | yayi êmas sun tarima | sakathahe pasihane | miwah yayi Surabaya | anging mati uripa | apan ingsun arsa wêruh | iya alang ujurira || |
1.052 | punggawa kalih wotsari | kalangkung dènnya mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging wangsulana | saking sihe sang aprabu | kalihe angêmu waspa || |
5–6 dari 86
1 | sanga likur. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: nuwun wangsul patikbra. (kembali) |
3 | sang. (kembali) |