Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
5–6 dari 86
47–56 dari 852
1.047 panêmbahan matur aris | lan Dipati Surabaya | anuhun dukane katong | lamun marêngi ing karsa | lawan panduka nata | sampun tumindak anglurug | panduka eca kasukan ||
1.048 wontên nagari Samawis | dene kang nanggulang yuda | angrurah Kartasurane | sampun wontên ing kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang ing kalbu | bêdhahe ing Kartasura ||
1.049 tan lêga raosing galih | yèn dèrènga tamèng jaja | lan natèng Kartasurane | arsa lantarana asta | atakêra ludira | dahat purun gênti lawung | saking sakite kang manah ||
1.050 yèn kawula lanang jurit | angsal barkating narendra | yèn sampun bêdhah sang katong | nagari ing Kartasura | nun wangsul patikbra [11] |[1] dhatêng Samawis pukulun | amondhongi mring panduka ||
1.051 sa[2] nata ngandika aris | yayi êmas sun tarima | sakathahe pasihane | miwah yayi Surabaya | anging mati uripa | apan ingsun arsa wêruh | iya alang ujurira ||
1.052 punggawa kalih wotsari | kalangkung dènnya mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging wangsulana | saking sihe sang aprabu | kalihe angêmu waspa ||
1.053 sigra jêngkar sri bupati | kundur dhatêng pasanggrahan | kang aseba bubar kabèh | ti[3] winarna solahira | ya ta ing dina Soma | pêpakan wadya supênuh | kadya umbaking samodra ||
1.054 miwah sagunging dipati | pasisir măncanagara | warna-warna gêgamane | wong Sampang lan Surabaya | busananira abra | pating prangangah dinulu | kadya macan binasahan ||
1.055 miwah kang bala Kumpêni | gêgaman sampun samêkta | Walănda tata barise | Bugis Bali lan Makasar | kang nambungi ing wuntat | Tuwan Amral munggèng ngayun [12] | tan amor galang-galangan ||
1.056 sigra budhal sri bupati | saking nagari Samarang | sinêngkalan duk budhale | gapura kalih winayang | janma sangkala ngetang |[4] gêgaman asri dinulu | lir pindah sêkar sêtaman ||
5–6 dari 86

 


Kurang satu suku kata: nuwun wangsul patikbra. (kembali)
sang. (kembali)
tan. (kembali)
Tanggal: gapura kalih winayang janma (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. (kembali)