Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
6–7 dari 86
52–61 dari 852
1.052 punggawa kalih wotsari | kalangkung dènnya mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging wangsulana | saking sihe sang aprabu | kalihe angêmu waspa ||
1.053 sigra jêngkar sri bupati | kundur dhatêng pasanggrahan | kang aseba bubar kabèh | ti[1] winarna solahira | ya ta ing dina Soma | pêpakan wadya supênuh | kadya umbaking samodra ||
1.054 miwah sagunging dipati | pasisir măncanagara | warna-warna gêgamane | wong Sampang lan Surabaya | busananira abra | pating prangangah dinulu | kadya macan binasahan ||
1.055 miwah kang bala Kumpêni | gêgaman sampun samêkta | Walănda tata barise | Bugis Bali lan Makasar | kang nambungi ing wuntat | Tuwan Amral munggèng ngayun [12] | tan amor galang-galangan ||
1.056 sigra budhal sri bupati | saking nagari Samarang | sinêngkalan duk budhale | gapura kalih winayang | janma sangkala ngetang |[2] gêgaman asri dinulu | lir pindah sêkar sêtaman ||
1.057 sumrêg kang bala lumaris | budhale saking Samarang | asri tinon gêgamane | akèh warnaningkang bala | wong sabrang lan wong Jawa | kang bala umrang gumuruh | sajuru-juru atata ||
1.058 tuhu yèn ratu linuwih | têdhak anyakra kusuma | putra Nayagănda mangke | jumênêng satitahing hyang | ingkang tilar nagara | alêlana andon pupuh | nglurugi ing Kartasura ||
1.059 bisikanira narpati | Susunan Pakubuwana | prawignya pêkik warnine | kèdhêp sakèhe kang bala | mangkana tan winarna | titih kuda ulês gêpung | binusanan abra muncar ||
1.060 atata lampahing baris | kang dadya pangawat kanan | Dipati Surabayane | panêmbahan ing Mandura | dadya pangawat kiwa | kang minăngka dhadhanipun | sagung Kumpêni sadaya [13: sa...daya] ||
1.061 dene kang munggèng ing wuri | bala pasisir malatar | anggarêbêg ing sang katong | punggawa ing Kartasura | myang Patih Cakrajaya | sami lumampah ing pungkur | rumêk ing para garwa |[3]|
6–7 dari 86

 


tan. (kembali)
Tanggal: gapura kalih winayang janma (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. (kembali)
Kurang satu suku kata: rumêk ingkang para garwa. (kembali)