Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 6
6–7 dari 86
58–67 dari 852
1.058 tuhu yèn ratu linuwih | têdhak anyakra kusuma | putra Nayagănda mangke | jumênêng satitahing hyang | ingkang tilar nagara | alêlana andon pupuh | nglurugi ing Kartasura ||
1.059 bisikanira narpati | Susunan Pakubuwana | prawignya pêkik warnine | kèdhêp sakèhe kang bala | mangkana tan winarna | titih kuda ulês gêpung | binusanan abra muncar ||
1.060 atata lampahing baris | kang dadya pangawat kanan | Dipati Surabayane | panêmbahan ing Mandura | dadya pangawat kiwa | kang minăngka dhadhanipun | sagung Kumpêni sadaya [13: sa...daya] ||
1.061 dene kang munggèng ing wuri | bala pasisir malatar | anggarêbêg ing sang katong | punggawa ing Kartasura | myang Patih Cakrajaya | sami lumampah ing pungkur | rumêk ing para garwa |[1]|
1.062 datan kawarna ing margi | samprapta ing Ngungaran |[2] amasanggrah sang katong |[3] sagung kang para punggawa | akarya pamondhokan | dene kang dadya panganjur | ing Lopait sampun prapta ||
1.063 kawarnaa komasaris | mojar dhatêng Tuwan Amral | dawêg sowan ing sang katong | yèn sêpi para punggawa | pukul satêngah lima | dawêg sami anênuwun | marang gusti sri narendra ||
1.064 yèn wontên Ki Adipati | Sêmarang măngsa antuka | Tuwan Amral lon wuwuse | iya bênêr ujarira | lah payo padha seba | saksana sarêng lumêbu | komasaris lawan amral ||
1.065 punggawa pinanggih sêpi | miwah Dipati Samarang | nèng pondhoke dhewe-dhewe | sang nata kapanggih lênggah | anulya Tuwan Amral [14] | tumamèng ngarsa sang prabu | mêndhak sarwi têtabean ||
1.066 Tuwan Amral matur aris | pukulun sri naranata | inggih kawula ing mangke | anglampahi karsa nata | parentahipu[4] jendral | nadyan dhatênga ing lampus | nglampahi karya panduka ||
1.067 lêbura saingga siti | wadya Kumpêni sadaya | tan atilar sang akatong | nanging panuwun kawula | wontêna sih panduka | dhatêng Kumpêni pukulun | sintên kang dèn arsa-arsa ||
6–7 dari 86

 


Kurang satu suku kata: rumêk ingkang para garwa. (kembali)
Kurang satu suku kata: sampun prapta ing Ngungaran. (kembali)
Kurang satu suku kata: amasanggrahan sang katong. (kembali)
parentahipun. (kembali)