Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 6
8–9 dari 86
73–82 dari 852
1.073 tinutur ature ugi | gagêtun sang adipatya | Suradimênggala ture | mila wau jêng panduka | animbali kawula | wontêna amba pukulun | supados lamun dhatênga ||
1.074 anuhun duka narpati | gusti kumpêni punika | sakêlangkung nêracake | dèn rinojong aturira | apan sangsaya-saya | angêlanjak aturipun | sri narendra angandika ||
1.075 sarya angungun narpati | sapuluh-puluh kisan |[1] apa kang cinatur manèh | dene ujar wus kalakyan [16] | besuk maning Ki Besan | dèn ati-ati ing kalbu | sang nata wus masanggrahan ||
1.076 agantya ingkang winarni | Ki Apatih Sumabrata | pan sampun kandêl ing akèh | wus jêro lêlarenira | gêgaman amalatar | ing Kalicacing gènipun | kang baris mêpêti marga ||
1.077 sanjata sampun rinakit | Ki Apatih Sumabrata | sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sampun budhal | saking nagri Samarang | balanira kadya têdhuh | masanggrahan ing Ngungaran ||
1.078 pra punggawa dèn undhangi | prasamya kinèn saningga | sampun tinata barise | Ki Arya Mandurarêja | matur mring Sumabrata | dhawêg miyosi prang pupuh | mêdal saking pabitingan ||
1.079 ki apatih anauri | pan kawula botên rêmbag | mêdal sangking bitingane | nêdya amêmpên kewala | sajroning pabitingan | nanging kang dadya panganjur | ing yuda kang miyosana ||
1.080 lamun katèmpêr ing jurit | ngungsia ing pabitingan | lan sanak manira kabèh | dèn sami angantêg yuda | utamane [17: utama...ne] wong priya | pêjah madyaning prang pupuh | munggah ing syarga kang mulya ||
1.081 myang sagung para dipati | aja na tinggal galanggang | miwah para mantri kabeh | sampun wontên kang ngucira | anèng madyaning rana | pra punggawa saur manuk | tan sêdya mungkur ing yuda ||
2. Pangkur
2.001 Kyana Patih Sumabrata | wus mupakat yèn ngantêp ing ngajurit | sanjata tinata gupuh | nèng balowartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | kang dadya panganjur yuda | lan Pangran Balitar nênggih ||
8–9 dari 86

 


Kurang satu suku kata: sapuluh-puluh kisanak. (kembali)