Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 6
8–9 dari 86
79–88 dari 852
1.079 ki apatih anauri | pan kawula botên rêmbag | mêdal sangking bitingane | nêdya amêmpên kewala | sajroning pabitingan | nanging kang dadya panganjur | ing yuda kang miyosana ||
1.080 lamun katèmpêr ing jurit | ngungsia ing pabitingan | lan sanak manira kabèh | dèn sami angantêg yuda | utamane [17: utama...ne] wong priya | pêjah madyaning prang pupuh | munggah ing syarga kang mulya ||
1.081 myang sagung para dipati | aja na tinggal galanggang | miwah para mantri kabeh | sampun wontên kang ngucira | anèng madyaning rana | pra punggawa saur manuk | tan sêdya mungkur ing yuda ||
2. Pangkur
2.001 Kyana Patih Sumabrata | wus mupakat yèn ngantêp ing ngajurit | sanjata tinata gupuh | nèng balowartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | kang dadya panganjur yuda | lan Pangran Balitar nênggih ||
2.002 lan Pangeran Surabaya | punggawa tri kinèn mêdali jurit | dyan budhal sawadyanipun | nêngna wong Kartasura | Jêng Sinuhun Pakubuwana winuwus | ingkang lagya masanggrahan | anèng ing Ngungaran nênggih ||
2.003 injing anêmbang têngara | wadya gumrah yèn tinon angajrihi | kriciking watang atarung | pinirsa kadya bêlah | ing pratala wong pakubuwanan gêrgut | myang sagung para punggawa | sawadya siyagèng kardi ||
2.004 naradipati ngandika | ari êmas Mandura mringa ngarsi | sapa ingkang dadi cucuk | ing yuda kang prayoga | panêmbahan ing Mandura nêmbah matur [18] | lamun marêngi ing karsa | anak kawula dewa ji ||
2.005 inggih pun Suradiningrat | aprayogi dados cucuking jurit | angirit gêgaman sèwu | kang samya pêpilihan | akanthia Arya Jayapuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | katri sura ing ajurit ||
2.006 sang nata mèsêm ngandika | sutèng ulun Suradiningrat aglis | Arya Jayapuspitèku | lawan Sa[1] Surèngrana | lah katiga sira ingsun karya cucuk | nanging ta wawêkas ingwang | kalamun katèmpêr jurit ||
2.007 angungsia anèng wuntat | ayya ngamuk eman mênawa mati | nadyan tumêka ing lampus | iya barêng lan ingwang | lêbur luluh ingsun datan arsa kantun | kawan sanak-sanakira | kang samya asih ing mami ||
8–9 dari 86

 


Si. (kembali)