Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
19–20 dari 86
190–199 dari 852
2.109 katri tan purun amêgsa | ajrih marang kangjêng sri narapati | Amral Sapilman amuwus | hèh sira panêmbahan | akantuna lan Dipati Surèngkewuh | manira bali amapag | marang kangjêng sri bupati ||
2.110 dyan wangsul Amral Sapilman | panêmbahan kang tinanggênah wuri | lan Dipati Surèngkewuh | sami angrakit bala | panêmbahan karya baris sinasiyung | myang Adipati Jangrana | tinata wong Surèngwèsthi ||
2.111 Panêmbahan Cakraningrat | gêgamane apan awarni-warni | kang dadya lêlurahipun | nênggih para sêntana | sawanine sami rasukan baludru | rêta pan sami rinenda | angangge kampuh kumitir ||
2.112 miwah bala Surabaya | tan prabeda busananira asri | dènnya akarya sêsiyung | wiwiting pagêlaran | prapta ing Kêmlayan nênggih barisipun [41] | têngêran tinon asinang | abra katiyup ing angin ||
2.113 wadya Sampang Surabaya | barisira tinon lir gunung gêni | kawarnaa ingkang wangsul | sira Amral Sapilman | praptèng Ngasêm tundhuk lawan sang aprabu | umatur dhatêng sang nata | yèn pura pinanggih sêpi ||
2.114 yèn suwawi lawan karsa | sri narêndra ngadhatona tumuli | angandika sang aprabu | lah iya payo mangkat | sigra budhal saking ing Ngasêm gumuruh | kadya umbaking samodra | samya gambira ing galih ||
2.115 sang nata nitih dipăngga | cinarita angsalira Samawis | Raja Siyêm kang tur-atur | marang Susunan Êmas | Ki Dipati Sêmarang tan awèh langkung | dadya anjrih kang utusan | liman katur ing nêrpati ||
2.116 pinêlanan abră muncar | pra punggawa angapit kanan kering | gêgaman pasisir sampun | dhingini lampahira | anêpungi wong Mandura barisipun | tinata ponang gamêlan | sunapan wus dèn isèni ||
2.117 lampahira sri narendra | sampun prapta ing ngalun-alun nênggih | wadya Sampang Surèngkewuh | samya nabuh gamêlan [42] | kang sanjata sunapan pinasang gupuh | wus muni lir gunung rêbah | gong bèri bêndhe tinitir ||
2.118 lajêng samya ambêbêksan | wadya Sampang miwah wong Surèngwèsthi | gamêlan umung gumuruh | awor kriciking kuda | sri narendra ing pagêlaran wus rawuh | têdhak saking ing dipăngga | para punggawa sumiwi ||
19–20 dari 86