Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
10 dari 86
91–100 dari 852
2.010 katiga wus sami budhal | saha bala samya gambirèng jurit | ing wingking sigra sumambung | amral kang dadya dhadha | panêmbahan kang dadya pangawatipun | asisih sang adipatya | ing Surapringga prajurit ||
2.011 sigra budhal sri narendra | ginarêbêg sagung wadya pasisir | nitih kuda ulês gêpung | pinanganggèn tulya bra | wadya pakubuwanan prayitnèng kewuh | tan têbih lan gustinira | prasêtya barêng ngêmasi ||
2.012 wadya Sampang Surabaya | pan sanambang kang ngapit kanan kering | rumêksa marang sang prabu | tan milya ing gustinya | wadyabala pasisir ingkang sumambung | gumêrah syaraning bala | amor pangriking turanggi ||
2.013 asrang unining gamêlan | tanpa rungyan pinirsa amêlingi | amor krêbêting lêlayu | kasilir samirana | ambèr ngara-ara marga bêg supênuh | ya ta wau kawarnaa | kang dadya cucuking jurit ||
2.014 Rahadèn Suradiningrat | lawan Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih samya pangayun | wus campuh ing ayuda | Pangran Surabaya nêngguh mungsuhipun | lawan Pangeran [20: Pang...eran] Balitar | arame dènira jurit ||
2.015 sigra satriya katiga | sarêng mangsah kang katrajang angisis | wong Kartasura kèh lampus | datan măngga puliha | sigra Pangran Balitar sigra lumayu | angungsi mring pabitingan | umatur dhatêng ki patih ||
2.016 lamun mêngsahira prapta | Radèn Sumabrata têngara aglis | bêndhe tinêmbang angungkung | têtêg kadya butula | wadyèng Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para punggawa | samya ngantêp ing ajurit ||
2.017 kang wadya sragêni sigra | kinèn minggah dhatêng ing balowarti | mariyêm pinasang gupuh | malela kalantaka | sigra Radèn Suradiningrat manêmpuh | lawan Panji Surèngrana | myang Arya Japuspitèki ||
2.018 satriya tiga tumingal | lamun mungsuhira mêmpên nèng biting | tanpa wilangan kèhipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya mênênga karuhun | apan dudu bobotira | angrangsanga balowarti ||
2.019 padha ngantenana wuntat | Tuwan Amral ingkang wadya Kumpêni | Panji Surèngrana muwus | sampun kakèhan akal | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun [21] | kakang panduka nèng wuntat | kawula cacake dhingin ||
10 dari 86