Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
20–21 dari 86
193–202 dari 852
2.112 miwah bala Surabaya | tan prabeda busananira asri | dènnya akarya sêsiyung | wiwiting pagêlaran | prapta ing Kêmlayan nênggih barisipun [41] | têngêran tinon asinang | abra katiyup ing angin ||
2.113 wadya Sampang Surabaya | barisira tinon lir gunung gêni | kawarnaa ingkang wangsul | sira Amral Sapilman | praptèng Ngasêm tundhuk lawan sang aprabu | umatur dhatêng sang nata | yèn pura pinanggih sêpi ||
2.114 yèn suwawi lawan karsa | sri narêndra ngadhatona tumuli | angandika sang aprabu | lah iya payo mangkat | sigra budhal saking ing Ngasêm gumuruh | kadya umbaking samodra | samya gambira ing galih ||
2.115 sang nata nitih dipăngga | cinarita angsalira Samawis | Raja Siyêm kang tur-atur | marang Susunan Êmas | Ki Dipati Sêmarang tan awèh langkung | dadya anjrih kang utusan | liman katur ing nêrpati ||
2.116 pinêlanan abră muncar | pra punggawa angapit kanan kering | gêgaman pasisir sampun | dhingini lampahira | anêpungi wong Mandura barisipun | tinata ponang gamêlan | sunapan wus dèn isèni ||
2.117 lampahira sri narendra | sampun prapta ing ngalun-alun nênggih | wadya Sampang Surèngkewuh | samya nabuh gamêlan [42] | kang sanjata sunapan pinasang gupuh | wus muni lir gunung rêbah | gong bèri bêndhe tinitir ||
2.118 lajêng samya ambêbêksan | wadya Sampang miwah wong Surèngwèsthi | gamêlan umung gumuruh | awor kriciking kuda | sri narendra ing pagêlaran wus rawuh | têdhak saking ing dipăngga | para punggawa sumiwi ||
2.119 Panêmbahan Cakraningrat | Adipati Surabaya tan têbih | Amral Sapilman tan kantun | miwah kang para putra | sri narendra minggah dhatêng sitiluhur | lajêng mring kori pamêngkang | kang pintu maksih kinunci ||
2.120 kandhêg lampahe sang nata | sigra amral kunci tinigas aglis | ya ta mênga punang pintu | lajêng sri naradipa | angadhaton para garwa wus lumêbu | anuju dina Jumungah | dènnya ngadhaton sang aji ||
2.121 panêmbahan ing Mandura | sigra matur maring sri narapati | yèn Pangran Mantaram nungkul | lawan Pangran Panular | tuwin Pangran Natakusuma pun nungkul | tanapi wong Kartasura | akathah kang samya balik ||
20–21 dari 86