Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
21–22 dari 86
203–212 dari 852
2.122 ênêngêna sri narendra | kawuwusa [43] Pangeran Angabèi | ing nguni apan tinantun | marang Susunan Êmas | sagah milya ing raka sabaya lampus | sarênge kendhang kang raka | pangeran nyimpang ing margi ||
2.123 lan saputra garwanira | lajêng ngili marang ing desa Wêdhi | sarêng ngadhaton sang prabu | pangeran wus miyarsa | wus adandan saha garwa arsa tundhuk | mring rama sri naranata | sigra budhal tan na kari ||
2.124 datan kawarna ing marga | praptèng praja wus katur ing nêrpati | saksana wau sang prabu | putra wus tinimbalan | tumamèng jro ing ngabyantara abukuh | kalih samya onêngira | tuwin ingkang para ari ||
2.125 sami anungkêmi pada | Jêng Pangeran Ngabèi sêmu tangis | dènira pisah tri taun | mangkya lagya kapêdhak | myang sang nata kêlangkung suka ing kalbu | nahên ingkang sih-sinihan | mangkana ingkang winarni ||
2.126 nênggih mangsuli carita | duk sang nata budhal saking Samawis | ingkang putra kinèn kantun | anjagani Samarang | pan Kumpêni datan eca manahipun | yèn nata tan tilar putra | mila kantun nèng Samawis [44] ||
2.127 lan malihira pangeran | anacahna mêngsah kang saking wuri | marmanipun kinèn kantun | putra andêl ing yuda | Jêng Pangeran Prangwadana têguh timbul | tan nana braja tumama | mila tinanggênah wuri ||
2.128 tinilar lan ibunira | pan ing mangke sampun miyarsa warti | yèn kang rama mênang pupuh | sampun manjing ing pura | jêng pangeran arêmbagan lan kang ibu | arsa nusul ingkang rama | wus tan na pakewuh ri |[1]|
2.129 kang ibu nurut kewala | wus adandan lawan sawadyanèki | Lopèrès nulya umatur | kang jaga ing Samarang | nah ing anggèr sampun paduka ge mantuk | yèn ta dèrèng aputusan | rama dika sri bupati ||
2.130 yêgti matêdhani surat | mring kawula yèn dika dèn timbali | sabên-sabên arsa mantuk | Lopèrèse Samarang | angaturi pisan ping kalih ping têlu | pangeran kaku tyasira | panuju kaparêng runtik ||
2.131 sampun karsaning Hyang Sukma | ingkang rama lami tan na nimbali | pangeran maksa yun mantuk | Lopèrès datan suka | kajuwêtên Lopèrès sangêt turipun [45] | nuju pinarênging duka | dhasar prayayi bambang pring ||
21–22 dari 86

 


Kurang satu suku kata: wus tan na pakewuh wuri. (kembali)