Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
22–23 dari 86
218–227 dari 852
2.137 angipuk marang kang putra | marang dhusun ing Kabakalan nênggih | dyan budhal sawadyanipun | myang Panêmbahan Sampang | sarêng budhal lan Dipati Surèngkewuh | bala pasisir binêkta | kabangkèkan dènnya baris ||
2.138 kawarnaa Sunan Kendhang | anèng Nglaroh asipêng tigang latri | Patih Sumabrata matur | lamun wadya Mandura | prapta ngungsir miwah wadya Surèngkewuh | Sunan Kendhang kagegeran | wus budhal bala lumaris ||
2.139 mangetan dhatêng Kaduwang | para mantri miwah para dipati | kathah ingkang sami wangsul | tundhuk mring panêmbahan | katarima punggawa dènira nungkul | katur dhumatêng sang nata | langkung suka sri bupati ||
2.140 kunêng gantya kawuwusa | kang dinuta mring Kêdhu aglis prapti | dhusun Kabakalan wau | Pangeran Prangwadana | dèn aipuk dening Sujanapurèku | tan winarna solahira | pangeran tyasira gampil ||
2.141 nurut mring Sujanapura | wus binênta[1] marang Kartasurèki | sawadyanira tan kantun [47: kantu...n] | watawis tigang nambang | kang gêgaman anjawi têtiyang pikul | wus prapta ing Kartasura | katur ing sri narapati ||
2.142 sa[2] nata merang ing nala | ingkang putra kinèn ngukum tumuli | linawe ing masjid agung | kang ibu tumut bela | mring atmaja langkung dènnya kawlas ayun | kang mulat sami karuna | ya ta kawarnaa malih ||
2.143 sira Panêmbahan Sampang | kang angungsir mring Sunan Kendhang nênggih | mangkya tinimbalan mantuk | marang ing Kartasura | tuwin sira Adipati Surèngkewuh | dene kang putra wus têbah | milane dipun timbili[3] ||
2.144 bubar mantuk panêmbahan | atanapi punggawa para mantri | lan Dipati Surèngkewuh | dene mantri punggawa | Kartasura apan ingkang sami nungkul | binakta mantuk sadaya | miwah ingkang anak rabi ||
2.145 wus prapta ing Kartasura | kawarnaa kangjêng sri narapati | enjing miyos sang aprabu | kang seba amêlatar | Ki Apatih Cakrajaya munggèng ngayun | lawan Panêmbahan Sampang | myang Jangrana Surèngwèsthi ||
2.146 Dipati Sujanapura | sampun nangkil munggèng ngarsèng narpati [48] | Citrasoma jajaripun | Tumênggung Wirasana | lan Tumênggung Jayaningrat jajaripun | tanapi Kartanagara | pêpak wadya ing pasisir ||
22–23 dari 86

 


binêkta. (kembali)
sang. (kembali)
timbali. (kembali)