Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
22–23 dari 86
213–222 dari 852
2.132 pangeran supe sakala | subasita datan ana kaèksi | Lopèrès nulya sinuduk | jajanya kapisanan | jêng pangeran sigra budhal tan asantun | kang ibu langkung sungkawa | samarga asangu tangis ||
2.133 dene solahe kang putra | mendahane dukane sri bupati | pangeran pan datan ayun | mantuk mring Kartasura | dadya nglalu tyasira laju mring Kêdhu | ngancik desa Kabakalan | ajrih mring rama narpati ||
2.134 nênggih dhusun Kabakalan | dhusunipun ingkang rama ing nguni | kala kapugêranipun | ya ta kangjêng pangeran | mring wadana sampun madêg marisipun | wong Kêdhu suyut sêdaya | datan ana ingkang wani ||
2.135 tan ana nglawani yuda | jêng pangeran saya agêng kang baris | watawis wong sangang èwu | sampun katur ing nata | tuwin Amral Sapilman sarêng umatur | yèn Pangeran Prangwadana | anuduk Lopèrès mati ||
2.136 sang nata kalangkung duka | dyan parentah wadya sri narapati | Panêmbahan Mandurèku | myang Dipati Jangrana | kinèn bujêng mring Sunan [46: Suna...n] Mas lampahipun | Dipati Sujanapura | tinuduh mring Kêdhu aglis ||
2.137 angipuk marang kang putra | marang dhusun ing Kabakalan nênggih | dyan budhal sawadyanipun | myang Panêmbahan Sampang | sarêng budhal lan Dipati Surèngkewuh | bala pasisir binêkta | kabangkèkan dènnya baris ||
2.138 kawarnaa Sunan Kendhang | anèng Nglaroh asipêng tigang latri | Patih Sumabrata matur | lamun wadya Mandura | prapta ngungsir miwah wadya Surèngkewuh | Sunan Kendhang kagegeran | wus budhal bala lumaris ||
2.139 mangetan dhatêng Kaduwang | para mantri miwah para dipati | kathah ingkang sami wangsul | tundhuk mring panêmbahan | katarima punggawa dènira nungkul | katur dhumatêng sang nata | langkung suka sri bupati ||
2.140 kunêng gantya kawuwusa | kang dinuta mring Kêdhu aglis prapti | dhusun Kabakalan wau | Pangeran Prangwadana | dèn aipuk dening Sujanapurèku | tan winarna solahira | pangeran tyasira gampil ||
2.141 nurut mring Sujanapura | wus binênta[1] marang Kartasurèki | sawadyanira tan kantun [47: kantu...n] | watawis tigang nambang | kang gêgaman anjawi têtiyang pikul | wus prapta ing Kartasura | katur ing sri narapati ||
22–23 dari 86

 


binêkta. (kembali)