Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
23–24 dari 86
225–234 dari 852
2.144 bubar mantuk panêmbahan | atanapi punggawa para mantri | lan Dipati Surèngkewuh | dene mantri punggawa | Kartasura apan ingkang sami nungkul | binakta mantuk sadaya | miwah ingkang anak rabi ||
2.145 wus prapta ing Kartasura | kawarnaa kangjêng sri narapati | enjing miyos sang aprabu | kang seba amêlatar | Ki Apatih Cakrajaya munggèng ngayun | lawan Panêmbahan Sampang | myang Jangrana Surèngwèsthi ||
2.146 Dipati Sujanapura | sampun nangkil munggèng ngarsèng narpati [48] | Citrasoma jajaripun | Tumênggung Wirasana | lan Tumênggung Jayaningrat jajaripun | tanapi Kartanagara | pêpak wadya ing pasisir ||
2.147 Pangeran Arya Mantaram | nunggil lênggah Pangran Balitar nênggih | Pangran Natakusumèku | abukuh lungguhira | para putra sadaya pêpak ing ngayun | miwah Pangeran Dipatya | Mangkunagara anangkil ||
2.148 myang Pangeran Purubaya | jajar inggih lan Pangeran Ngabèi | Pangran Panular tan kantun | Pangeran Upasănta | miwah sira Pangran Dipanagarèku | sri naranata ngandika | marang ing Sampang Dipati ||
2.149 kaya paran lakunira | anak prabu samêngko ana ngêndi | panêmbahan nêmbah matur | gusti putra paduka | inggih wontên ing Kaduwang larugipun | dene sagung kang punggawa | bupati taksih tut wuri ||
2.150 dhatêng ing putra panduka | nanging mantri kathah wangsul ing margi | suwita paduka prabu | ngaturakên têtêkan | namung kantun Mandurarêja kang tumut | kalawan pun Wiraguna | lan Sumabrata Apatih ||
2.151 kalawan Mangunagara | Arya Tiron miwah santana aji | angandika sang aprabu | hèh Patih [49: Pa...tih] Cakrajaya | sakahe punggawa kang samya nungkul |[1] iku padha lungsurana | nanging Si Mangkuyudèki ||
2.152 sisiha Si Surataka | pan Si Suranata dadiyèng wuri | myang Si Natakusumèku | têtêpa lungguhira | lan Sindurja maksiha dadi tumênggung | lan yayi Arya Mantaram | lan yayi Panular sigih ||
2.153 maksiha kaya ing kuna | duk jênênge kangkang[2] prabu ing syargi | dene Si Citrasomèku | ingsun karya wadana | gêdhong kiwa kang têngên Wiracanèku | miwah ta ki adipatya | ingsun paringi lêligih[3] ||
23–24 dari 86

 


Kurang satu suku kata: sakathahe punggawa kang samya nungkul. (kembali)
kakang. (kembali)
lêlinggih. (kembali)