Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
23–24 dari 86
230–239 dari 852
2.149 kaya paran lakunira | anak prabu samêngko ana ngêndi | panêmbahan nêmbah matur | gusti putra paduka | inggih wontên ing Kaduwang larugipun | dene sagung kang punggawa | bupati taksih tut wuri ||
2.150 dhatêng ing putra panduka | nanging mantri kathah wangsul ing margi | suwita paduka prabu | ngaturakên têtêkan | namung kantun Mandurarêja kang tumut | kalawan pun Wiraguna | lan Sumabrata Apatih ||
2.151 kalawan Mangunagara | Arya Tiron miwah santana aji | angandika sang aprabu | hèh Patih [49: Pa...tih] Cakrajaya | sakahe punggawa kang samya nungkul |[1] iku padha lungsurana | nanging Si Mangkuyudèki ||
2.152 sisiha Si Surataka | pan Si Suranata dadiyèng wuri | myang Si Natakusumèku | têtêpa lungguhira | lan Sindurja maksiha dadi tumênggung | lan yayi Arya Mantaram | lan yayi Panular sigih ||
2.153 maksiha kaya ing kuna | duk jênênge kangkang[2] prabu ing syargi | dene Si Citrasomèku | ingsun karya wadana | gêdhong kiwa kang têngên Wiracanèku | miwah ta ki adipatya | ingsun paringi lêligih[3] ||
2.154 limang èwu alinggiha | tuwin Ki Purbaya sun paringi |[4] gawene wong têlung èwu | Si Dipati Balitar | têlung èwu dadia lêlungguhipun | Ki Ngabèi Loring Pasar | ingsun paringi lêlinggih ||
2.155 cacah desa kalih nambang | anak ingsun Ki Dipanagarèki | ingsun paringi wong sèwu | dene Ki Upasănta | pan sanambang kang dadya lêlungguhipun | ki patih matur sandika | ngandika sri narapati ||
2.156 kacatur ing Kartasura | sampun têntrêm manahe wadya alit | atanapi sang sinuhun [50] | agêlar palamarta | ambêg santa budya para amarsadu | tan pêgat adana darma | eca manahe wong tani ||
2.157 ya ta wau Tuwan Amral | wus tinundhung mantuh[5] sakèh Kumpêni | komisaris ingkang kantun | Kunpêni kang tinilar | kalih atus kang ajaga sang aprabu | kapitanira satunggal | sira Dipati Samawis ||
2.158 tinundhung mantuk Samarang | kinèn jagi Kumpêni anèng margi | nêngêna kang samya mantuk | kocapa Sunan Kendhang | wus utusan sang nata amundhut bantu | marang nagri Pasuruan | tan alami sampun prapti ||
23–24 dari 86

 


Kurang satu suku kata: sakathahe punggawa kang samya nungkul. (kembali)
kakang. (kembali)
lêlinggih. (kembali)
Kurang satu suku kata: tuwin Ki Purbaya ingsun paringi. (kembali)
mantuk. (kembali)