Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
24–25 dari 86
237–246 dari 852
2.156 kacatur ing Kartasura | sampun têntrêm manahe wadya alit | atanapi sang sinuhun [50] | agêlar palamarta | ambêg santa budya para amarsadu | tan pêgat adana darma | eca manahe wong tani ||
2.157 ya ta wau Tuwan Amral | wus tinundhung mantuh[1] sakèh Kumpêni | komisaris ingkang kantun | Kunpêni kang tinilar | kalih atus kang ajaga sang aprabu | kapitanira satunggal | sira Dipati Samawis ||
2.158 tinundhung mantuk Samarang | kinèn jagi Kumpêni anèng margi | nêngêna kang samya mantuk | kocapa Sunan Kendhang | wus utusan sang nata amundhut bantu | marang nagri Pasuruan | tan alami sampun prapti ||
2.159 utusane Surapatya | pêpatihe nênggih ingkang tinuding | Ngabèi Lor Bèi Kidul | sira Susunan Kendhang | sampun budhal saking Kaduwan sang prabu | kapêthuk anèng Dêrmalang | lan dutane Surapati ||
2.160 wus panggih lawan sa[2] nata | Ngabèi Lor Kidul samya apamit | arsa lumaksanèng pupuh | bêdhahing Kartasura | wus linilan sigra lajêng lampahipun | datan kawarna ing marga | desa Kamanggaran prapti [51: pra...pti] ||
2.161 anadene Sunan Kendhang | lajêng marang nagari Pranaragi | Ngabèi Lor Bèi Kidul | kang baris Kamanggaran | angrêrayah wong desa samya lumayu | angungsi marang jro kitha | katur marang ki dipati ||
2.162 ing Sampang lan Surabaya | lamun bala Pasuruan dhatêngi | Panêmbahan Mandurèku | nimbali para putra | atanapi para kadang Surèngkewuh | kinèn sami pradandanan | sakapraboning ngajurit ||
2.163 gambira kang para putra | atanapi punggawa ing pasisir | sadaya pan kinèn mantuk | marang ing ngadilaga | kacarita dèrèng wonten ingkang campuh | maksih anèng Kartasura | sagung bopati pasisir ||
2.164 Ki Arya Jayapuspita | miwah Radèn Suradiningrat nênggih | myang Radèn Surèngranèku | katri dadya manggala | sigra budhal wadya Surabaya gargut | tanapi bala Mandura | datan kawarna ing margi ||
2.165 prapta ing warung Wêloda | wong Mandura pasisir samya baris | cucuking mêngsah wus rawuh | nanging datan linawan | apan pinrih dêladag ing manahipun | wus samya ajêng-ajêngan [52] | nêngêna ingkang abaris ||
24–25 dari 86

 


mantuk. (kembali)
sang. (kembali)