Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
26–27 dari 86
254–263 dari 852
2.173 saprandene[1] Kartasura | pan wus ana ingkang jumênêng aji | tur ambêg manah rahayu | ngapura wong dêdosa | angasihi ing dasih kang sêtya tuhu | tur sabar lila ing donya | wêlas marang pêkir miskin ||
2.174 iki ratu jajah lanat | payo sanak padha ingamuk wani | sigra sami kesah gupuh | akambu marang wana | bala Pranaraga sigra soroh amuk | Ki Apatih Sumabrata | sampun uninga ing wadi ||
2.175 yèn santana Pranaraga | arsa ngamuk sigra matur sang aji | kapitèng tyas sang aprabu | langkung guguping [54: gugu...ping] nala | nulya budhal angili dathêng Madiun | wadya alit kagegeran | pating kathèthèr kèh kari ||
2.176 kang kacandhak pinatenan | wadya kasunanan kathah ngêmasi | wong Pranaraga agargut | wus agêng barisira | Sunan Kendhang sam prapta ing Madiun |[2] pan sami ajêng-ajêngan | lawan bala Pranaragi ||
2.177 wana gêgolong dènnya prang | long-linongan wadyalit kathah mati | kunêng gantya kang winuwus | para putra Mandura | atanapi para kadang Surèngkewuh | lawan pasisir sadaya | sampun campuh ing ngajurit ||
2.178 lawan bala Pasuruan | Ngabèi Lor langkung sura ing jurit | miwah Ki Ngabèi Kidul | langkung dènnya sudira | anèng desa Ngaluyu dènira campuh | kalangkung ramening yuda | kang wadya kathah ngêmasi ||
2.179 nênggih kêkathahên lawan | Ngabèi Lor nênggih lumayu aglis | wong Surabaya andulu | palayune mangetan | anjog Pamêdhangan maksih dèn bêbujung | arsa dhatêng Pranaraga | Ngabèi Lor myarsa warti ||
2.180 yèn Sunan Kendhang wus budhal | mring [55] Madiun Ngabèi Kidul nuli | angalor sawadyanipun | anjog ing Jagaraga | bala Sampang maksih sami ambêbujung | Ngabèi Lor lajêng ngetan | ing Madiun kang dèn jogi ||
2.181 wadya Sampang Surabaya | maksih bujung kandhêk anèng Gulathik | Ngabèi Lor sampun têmu | lawan Susunan Kendhang | dyan binakta lajêng mangetan sang prabu | wadya ing pakubuwanan | ing Madiyun kang dèn jogi ||
2.182 barise wong Pranaraga | sampun ngumpul lan baris Surèngwèsthi | Sunan Kendhang sigra laju | rêrêp ning Pranaraga | bala kilèn mundur mring Kartasura wus | kari wong măncanagara | kang maksih kinèn abaris ||
26–27 dari 86

 


suprandene. (kembali)
Kurang satu suku kata: Sunan Kendhang sampun prapta ing Madiun. (kembali)