Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
27–28 dari 86
264–273 dari 852
2.183 angajêngakên ing Daha | ênêngêna kang baris ing Kadhiri | Jendral Batawi winuwus | nênggih ngaturi sêrat | mring sang nata kang nuwala sampun katur | sigra wau tinupiksa | dening panukmaning tulis ||
2.184 yèn suwawi Susunan Mas | lawan karsa nata sami dèn ungsir | saparane tinut pungkur | lawan Ki Surapatya | pan linêbur têkèng anak putunipun | wadya pasisir punika | lah dawêg sami kinêrig [56] ||
2.185 anggitika Pasêdhahan | pan kawula inggih saos Kumpêni | apan dhomas cacahipun | ingkang nindhihi yuda | abdi dalêm pun komasaris pukulun | kapanujon sri narendra | wus rêmbag para dipati ||
2.186 ya ta wau sri narendra | animbali Dipati Surèngwèsthi | Panêmbahan Mandurèku | tumamèng kênyapura | munggèng ngarsa kang tansah tinantun-tantun | tanapi Kartanagara | sakawan rêkyana patih ||
2.187 Dipati Sujanapura | munggèng ngarsa lan Ki Wiracanèki | angandika sang aprabu | yayi mas ing Mandura | amangkata ing Pasêdhahan anglurug | mêtua êlor kewala | anjoga ing Surawèsthi ||
2.188 anak ingsun Si Purbaya | angluruga mêtua Pranaragi | kang ngiringêna nak ingsun | wong pasisir kang kiwa | sira kulup Purbaya dadi têtunggul | yudane wong Kartasura | sira gawaa sapalih ||
2.189 kang putra matur sandika | tan lênggana ing karsa panduka ji | Panêmbahan Mandurèku | sampuna prajanjeyan | lan Pangeran Purbaya sêmayanipun | datan tulung-tinulungan | pangeran wus pamit mijil [57] ||
2.190 miwah sagunging prawira | wus tinundhung sadaya samya mulih | ing latri datan winuwus | enjang anulya dandan | Jêng Pangeran Purbaya budhal karuhun | sinêngkalan sirna guna | angrasani wani jurit |[1]|
2.191 ingiring kang wadyabala | lampahira tan kawarna ing margi | arsa anjog ing Madiun | mangetan mring Caruban | Panêmbahan Mandura budhal gumuruh | lan wadyèng pasisir kanan | myang Dipati Surèngwèsthi ||
2.192 ing marga datan winarna | sampun prapta nagari Surawèsthi | komasaris sampun kumpul | lan Panêmbahan Sampang | sigra budhal dhatêng Pasuruan gupuh | gumêrèh wadya Mandura | tan sêdya mundur ing jurit ||
27–28 dari 86

 


Tanggal: sirna guna angrasa wani (AJ 1630). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. (kembali)