Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 6
28–29 dari 86
272–281 dari 852
2.191 ingiring kang wadyabala | lampahira tan kawarna ing margi | arsa anjog ing Madiun | mangetan mring Caruban | Panêmbahan Mandura budhal gumuruh | lan wadyèng pasisir kanan | myang Dipati Surèngwèsthi ||
2.192 ing marga datan winarna | sampun prapta nagari Surawèsthi | komasaris sampun kumpul | lan Panêmbahan Sampang | sigra budhal dhatêng Pasuruan gupuh | gumêrèh wadya Mandura | tan sêdya mundur ing jurit ||
3. Durma
3.001 dyan warnanên Dipati Wiranagara | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | lawan tiyang Mandura | tanapi bala Kumpêni | saking lèr prapta | langkung dènira runtik ||
3.002 Surapati sigra anêmbang têngara | para mantri glis prapti | miwah para putra | lawan para sêntana | wong Bali pêpak nèng ngarsi | sampun siyaga | sakapraboning [58: saka...praboning] ajurit |[1]|
3.003 wadyabala Pasuruan kadi yêksa | solahira ngajrihi | watawis salêksa | sami wong warêg dana | sigra budhal sang dipati | saha turăngga | ginarêbêg ing dasih ||
3.004 pan agargut tandange wong Pasuruan | datan kawarnèng margi | ing Bangil wus prapta | sigra anata bala | kawarnaa komasaris | lan panêmbahan | Mandura praptèng Bangil ||
3.005 miwah sira Adipati Surabaya | komasaris ningali | lamun Surapatya | barisira malatar | kalangkung trustha ing galih | sampun tinata | sakèh bala Kumpêni ||
3.006 Komasaris Kênol ingkang dadya dhadha | panêmbahan nèng kering | minăngka pangawat | Dipati Surabaya | pangawat kanan nindhihi | para punggawa | Pasisir wus pinilih ||
3.007 sarêng nêmpuh wadya Sampang Surabaya | miwah bala Kumpêni | sarêng ananjata | bala ing Pasuruan | tumanggah tan sêdya gingsir | campuh ing yuda | tan ana ngucap ajrih ||
3.008 ramening prang pêtêng madyaning paprangan | dening kukusing bêdhil | bala Pasuruan | pêngamuke manêngah | wadya Kumpêni bêdhili | wong Pasuruan [59: Pasurua...n] | akèh longe kang mati ||
28–29 dari 86

 


Lebih satu suku kata: sakapraboning jurit. (kembali)