Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
11–12 dari 86
104–113 dari 852
2.023 kawarnaa sri narendra | amiyarsa syaraning bêdhil muni | sanjata lir gunung rubuh | surak ambal-ambalan | jêng sinuhun anarka yèn sampun campuh | kang dadya pangarsa samya | langkung marmèngirèng galih ||
2.024 ginêlak lampahing bala [22] | sigra prapta nênggih ing Kalicacing | Kumpêni lumampah ngayun- | nira sri naranata | wadyèng Sampang miwah wadyèng Surèngkewuh | katingal marang sang nata | yèn sampun angrangsang biting ||
2.025 balowartine rinangsang | wadyèng Kartasura sarêng bêdhili | akathah kang nandhang tatu | wong Sampang Surabaya | Panji Surèngrana apan dènnya dulu | lamun balanira rusak | bramantyanira tan sipi ||
2.026 tumurun sangking turăngga | Radèn Suradiningrat anauri | Arya Jayapuspitèku | mangsah sarêng angucap | hèh wong Surabaya aja na kang mundur | lah mara sira idaka | bubrahên kang balowarti ||
2.027 sumahab wong Surabaya | baluwartinira kang dèn unggahi | apan sama anjat lawung | munggah ing pabitingan | yèn sinawang kadya sumpil ngrubung watu | tan sêdya mundur ing rana | sanjata tan na tinolih ||
2.028 atarung lawung kewala | ting barêkuh sami arêbut biting | ya ta wau sang aprabu | arsa ngawaki yuda | awlas miyat marang [23: ma...rang] wadyèng Surèngkewuh | lawan wadya ing Mandura | kangelan arêbut biting ||
2.029 apan kêkathahên lawan | sri narendra amêpak ingkang abdi | wong pakubuwanan gêrgut | atap munggèng ing ngarsa | Ki Apatih Cakrajaya munggèng ngayun | acaos ing ngarsa nata | Ki Wiracana tan kari ||
2.030 miwah Ki Wirasantika | Kyai Citrasoma linggih kapering | angandika sang aprabu | hèh sobah sun atanya | kakangira Si Malim datan kadulu | kang tinanya atur sêmbah | abdi dalêm nandhang sakit ||
2.031 badêdhilên sukunira | langkung sangêt datan bisa lumaris | Sang Nata langkung gagêtun | ngandika mring apatya | wus pinasthi karsaning Hyang Maha Luhur | Si Malim adoh kang bêgja | yêkti tan dadi bupati ||
2.032 sri narendra majêng sigra | karsanira angantêp ing ajurit | yèn katèmpêr ingkang mungsuh | sêdya seda ing raga | Ki Palèrèt ingasta dhatêng sang prabu | myang dhuwung Ki Mesa Nular | sinothe munggèng ing kering ||
11–12 dari 86