Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
12–13 dari 86
116–125 dari 852
2.035 Ki Arya Jayapuspita | wus malêbêt marang sajroning biting | myang Panji Surèngranèku | Radèn Suradiningrat | bala Sampang Surabaya sarêng mudhun | marang jroning pabitingan | ki patih awas ningali ||
2.036 yèn wong Sampang Surabaya | wus malêbêt marang sajroning biting | langkung ing ngadukanipun | sigra nrêggakên bala | wadya Kartasura sarêng dènnya nêmpuh | myang para mantri sadaya | parêng mangsah ing ajurit ||
2.037 wadya Sampang Surabaya | tana gingsir kalih sura ing jurit | arame agênti lawung | wênoh pêdhang-pinêdhang | putung watang arame suduk-sinuduk [25] | arukêt dènira yuda | arame kêris-kinêris ||
2.038 bala Sampang Surabaya | tandangira lir buta olih daging | anigas sarwi anuduk | rusak wong Kartasura | sira arya pangamuhira[1] angiwut | myang Apanji Surèngrana | pangamuke ngebrak-abrik[2] ||
2.039 gumêr madyaning ranangga | lir kiyamat panguwuhe wong kanin | ki arya pangamukipun | muka kutah ludira | pirang-pirang wong Kartasura kang lampus | kang bangke sungsun atumpang | tinon lir babadan pacing ||
2.040 wong Sampang lan Surabaya | kacarita akèh ingkang ngêmasi | nanging datan pinilaur | pan ingidak kewala | mring kancane prasamya arêbut mungsuh | giris bala Kartasura | ningali wong Surèngwèsthi ||
2.041 miwah kang wadya pangawat | panêmbahan apan ngobongi biting | myang Dipati Surèngkewuh [26: Surèngke...wuh] | angawêt balanira | Ki Apatih Sumabrata awas dulu | yèn liningkung barisira | sigra angingêr turanggi ||
2.042 miwah sagung pra punggawa | wus lumayu sami arêbut dhingin | ki apatih datan kantun | wadyalit asar-saran | bala Sampang sarêng asurak gumuruh | kadya karêngèng awiyad | tanapi wong Surèngwèsthi ||
2.043 sinusulan ing sanjata | mring Kumpêni gumrudhug ambêdhili | sadaya gugup lumayu | punggawa Kartasura | kawarnaa kang abaris Bayawangsul | sagung kang para sêntana | abanjêng dènira baris ||
2.044 Pangeran Arya Mantaram | kang minăngka senapatining jurit | pan inguni jangjènipun | lawan putra sang nata | jêng pangeran sanggup ananggulang pupuh | lan raka kang madêg nata | kang jumênêng ing Samawis ||
12–13 dari 86

 


pangamukira. (kembali)
ngobrak-abrik. (kembali)