Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
13–14 dari 86
124–133 dari 852
2.043 sinusulan ing sanjata | mring Kumpêni gumrudhug ambêdhili | sadaya gugup lumayu | punggawa Kartasura | kawarnaa kang abaris Bayawangsul | sagung kang para sêntana | abanjêng dènira baris ||
2.044 Pangeran Arya Mantaram | kang minăngka senapatining jurit | pan inguni jangjènipun | lawan putra sang nata | jêng pangeran sanggup ananggulang pupuh | lan raka kang madêg nata | kang jumênêng ing Samawis ||
2.045 pangêbang-êbanging nata | ing ingkang paman kalamun mênang jurit |[1] sinung bambang alum-alum [27: alum-alu...m] | lawan sabin salêgsa | dhêdhak mêrang nagra tanah Jawa besuk | mring Pangran Arya Mantaram | marmane agêng kang galih ||
2.046 gêgamanira malatar | pra santana kang Bayalali |[2] lagya sami gunêm catur | Prangran Arya Mantaram | Ki Apatih Sumabrata sigra rawuh | lawan sagunging punggawa | kang mêntas kasoran jurit ||
2.047 gègèr wadya kang barisan | pan katunjang palayune ki patih | dipun nyana mungsuh rawuh | mila gègèr puyêngan | Ki Apatih Sumabrata sampun tundhuk | lan Pangran Arya Mantaram | têtanya dhatêng ki patih ||
2.048 kadospundi ingkang warta | dene sigra-sigra praptèng mariki | kang tinanya alon matur | anggèr tiwas ing yuda | pan kawula amêngsah wong Surèngkewuh | miwah bala ing Mandura | lawan bala ing Kumpêni ||
2.049 pun Amral amawi bala | tiyang Ambon Makasar Bugis Bali | lir rewănda tandangipun | balowarti rinangsang | miwah wadya Mandura lan Surèngkewuh | pangamuke [28] kadi yêksa | botên mundur dèn bêdhili ||
2.050 kadange pun adipatya | Surapringga ingkang dadya têtindhih | kalawan atmajanipun | pun adhi Cakraningrat | pan tatiga pangamukipun angiwut | datan pasah dening braja | kawula giris ningali ||
2.051 datan kêna pinanggahan | sasolahe kadi wong potang gêthing | myang wong pasisir supênuh | nênggih tanpa wilangan | jêng pangeran amiyarsa aturipun | Kyana Patih Sumabrata | kalangkung ngênês kang galih ||
2.052 pangeran alon atanya | pintên kèhe mêngsah kang pêjah jurit | Patih Sumabrata matur | anggèr inggih atusan | agêng alit kang pêjah madyaning pupuh | myang mêngsah kathah kang pêjah | atusan yèn minitawis ||
13–14 dari 86

 


Lebih satu suku kata: ingkang paman kalamun mênang jurit. (kembali)
Kurang dua suku kata: pra santana kang wontên Bayalali. (kembali)