Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
14–15 dari 86
138–147 dari 852
2.057 pênuh wontên Salahtiga | tiyang Ambon Bali Makasar Bugis | wonten dene rêmbagipun | gusti sri naranata | mring punggawa lamun katèmpêr ing pupuh | akundur dhatêng Samarang | karsane malêbu gêni ||
2.058 yèn tan bêdhah Kartasura | datan sêdya apradangdana malih | sampun gilig rêmbugipun | sagung para punggawa | tuwin [30: tu...win] wadya lan Dipati Surèngkewuh | lawan Panêmbahan Sampang | kalih sêdya pêjah jurit ||
2.059 lan raka panduka nata | karsanipun sarêmpon lan kang rayi | suka seda kang para rum | Pangran Arya Mantaram | amiyarsa ponang duta aturipun | langkung ngênês manahira | Ki Sumabrata wus pamit ||
2.060 mantuk marang Kartasura | sakathahe wadya punggawa nênggih | kang kawon mêntas prang pupuh | tumut dhatêng apatya | Kangjêng Pangran Arya Mantaram minuwus | sumana lali ngubaya | saking ngrêse ingkang galih ||
2.061 dadyaa pikiring driya | angur ingsun karyaa bêcik dhingin | marang kakang sang aprabu | ya ta nuli utusan | marang apdi[1] kêrakêt kang dipun utus | aran Ki Wăngsamênggala | pan sampun winêling-wêling ||
2.062 caraka wus lumaksana | tan kawarna ing marga sampun prapti | Salahtiga kang jinujug | Panêmbahan Mandura | sira Wăngsamênggala sigra cumundhuk | lawan Panêmbahan Sampang | wus katur ingkang wawêling ||
2.063 ing raka Pangran Mantaram | panêmbahan [31: panêmbaha...n] langkung trustha ing galih | caraka binêkta gupuh | sowan mring panêmbahan | kawarnaa wau Kangjêng Sang Sinuhun | Susunan Pakubuwana | kang lagya siniwèng dasih ||
2.064 Ki Apatih Cakrajaya | wus asaos anèng ngarsa narpati | lawan Sujanapurèku | jajar lan Wiracana | Ki Ngabèi Wirasantika tan kantun | myang Tumênggung Citrasoma | wus munggèng ngarsèng narpati ||
2.065 Ki Adipati Jangrana | anèng ngarsa lan Dipati Sêmawis | angandika sang aprabu | hèh ki besan Samarang | bala Sampang miwah bala Surèngkewuh | panyananingsun kasoran | duk aprang arêbut biting ||
2.066 yèn kasorana upama | karsaningsun arsa ngawaki jurit | Ki Jayapuspita matur | abdi dalêm sadaya | sampun miris dene kêkathahên mungsuh | nuntên amba mangsah dharat | kalawan pun adhi panji ||
14–15 dari 86

 


abdi. (kembali)