Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 6
18–19 dari 86
180–189 dari 852
2.099 jêngkar saking ing nagara | pra punggawa miwah mantri angiring | ing dina Kêmis anuju | ping pitu ingkang tanggal | pan Jumadilakir nênggih sasinipun | amarêngi ing Jimawal | apan ta ing măngsa katri ||
2.100 ngetan mêdal ing Nglawiyan | ngidul ngetan Giyanti kang dèn jogi | myang Kaduwan larugipun | nêngêna ingkang kèntar | kang Sinuhun Pakubuwana winuwus | pan sampun amasanggrahan | ing Balêdug kang dèn ciki ||
2.101 rêrêm sadalu sang nata | injang budhal saha bala lumaris | lan wong Sampang Surèngkewuh | prasamya angrêrayah | ambêboyong tiyang Mandura arusuh | wênèh minta babrêkatan | yèn ora wèh angudani ||
2.102 lêstari ing lampahira | masanggrahan nata nèng Majalêgi | ing dina Jumungahipun | ping wolu tanggalira | tugil[1] wulan kang putra kendhangipun [39: kendhangi...pun] |[2] ganti sadalu kewala | gènnya rêrêb sri bupati ||
2.103 sipêng sadalu sang nata | enjing budhal saking ing Majalêgi | ya ta wau kang winuwus | Pangran Arya Mantaram | lan Pangeran Natakusuma datan kantun |[3] myang Pangran Arya Panular | kang kantun anèng nagari ||
2.104 sira Pangeran têtiga | arsa mêthuk marang sri narapati | prasamya asaos suguh | anèng warung Kalitan | Tuwan Amral Sapilman anulya rawuh | panggih lan Pangran Mantaram | myang Dipati Surèngwèsthi ||
2.105 tuwin Panêmbahan Sampang | cundhuk lawan Pangran Arya Mantawis | Amral Sapilman amuwus | wontên pundi sang nata | Jêng Pangeran Arya Mantaram sumaur | wus tinutur solahira | miwiti malah mêkasi ||
2.106 amral trustha amiyarsa | ing wartane Jêng Pangen Mantawis |[4] ya ta sinêgahan sampun | apan sami adhahar | pra punggawa miwah amral dhahar nutug | anulya para prawira | pan kinèn anêdha sami ||
2.107 waradin dhatêng rarêmbat | kang sasêgah nênggih pangeran katri | amral samana wus laju | lan Panêmbahan Sampang | Adipati Surabaya datan [40: data...n] kantun | ing alun-alun wus prapta | amral gagêtun ningali ||
2.108 ningali Sapujagad |[5] atanapi Kiyai Gunturgêni | dene gêng-agêng pinunjul | datan kinarya yuda | sira Amral munggah dhatêng sitiluhur | lajêng mring kori pamêngkang | kêpanggih dipun kancingi ||
18–19 dari 86

 


tunggil. (kembali)
Kurang satu suku kata: tunggil wulan ingkang putra kendhangipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: lan Pangeran Natakusuma tan kantun. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing wartane Jêng Pangeran Mantawis. (kembali)
Kurang satu suku kata: ningali kang Sapujagad. (kembali)