Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 6
40–41 dari 86
397–406 dari 852
3.124 para putra [79: pu...tra] Pasuruan wus lumajar | angungsi ing wanadri | miwah Susunan Mas | galihe kagegeran | sigra minggah marang wukir | sawadyanira | ing Dhungkul kang dèn ungsi ||
3.125 praptèng Dhungkul kang wadya kenging wawêlak | akathah kang ngêmasi | ya ta Sunan Kendhang | têdhak dhatêng Balitar | sakèhe mantri kang sakit | samya waluya | rêrêm manah wadya lit ||
3.126 sabêdhahe nagari ing Pasuruan | tanbuh ingkang dèn ungsi | Kangjêng Sunan Kendhang | tan sae pirêmbagan | kalawan kang para mantri | kang wadyabala | sinambêr dhandhang putih ||
4. Dhandhanggula
4.001 langkung sungkawa sri narapati | Sunan Kendhang sigra aputusan | dhatêng kumêndur sirage | mantri kalih ingutus | apan sampun binaktan tulis | caraka sigra mêsat | tan kawarnèng ênu | lampahira aglis prapta | Surabaya wus panggih lawan Kumpêni | caraka atur surat ||
4.002 sigra tinampèn kang punang tulis | tinupiksa ungêling nuwala | Sunan Kendhang panungkule | saèstu mintak ampun [80: ampu...n] | dhatêng sagung para rat-pêni | kumêndur suka ing tyas | alon dènnya muwus | hèh duta sira matura | yèn sang nata têmên arsa abêdhami | lan Kumpêni sadaya ||
4.003 gustinira sunan sun aturi | tumêdhaka marang Surabaya | besuk yèn prapta ing kene | apa sakarsanipun | sayêktine kula jurungi | yèn arsa madêg nata | mulih duk karuhun | anèng nagri Kartasura | punang duta nulya sami pinisalin | kulambi sabuk wastra ||
4.004 punang duta wus tinundhung aglis | duta mêsat praptèng ngabyantara | sigra matur ing gustine | langkung suka sang prabu | amiyarsa turing Kumpêni | sang nata sigra dandan | saha wadyanipun | warnanên Pangran Balitar | wus utusan dhatêng Sunan Kendhang aglis | anuwun babêrkatan ||
4.005 waos Ki Barubajo Ki Gondhil | miwah dhuwung Kiyai Bêlabar | kang dinuta mêsat age | agêpah lampahipun | sampun prapta ngarsèng narpati | punang duta turira | kawula ingutus | dhumatêng rayi paduka | Jêng Pangeran [81: Pa...ngeran] Balitar rayinta nênggih | ngaturakên kang sêmbah ||
4.006 lawan malih kawula tinuding | anêdha sagung ingkang pusaka | rama paduka kang akèn | amundhut Kyai Baru | lan rasukan Kiyai Gondhil | susunan dêlingira | apan èsmu bêndu | lah warahên si sudama | yèn dhèwèke kinongkon mring paman aji | mundhut kang babrêkatan ||
4.007 besuk yèn ingsun praptèng nagari | Surapringga dhuwung waos ingwang | miwah Kiyai Bicake | sun saoske gustimu | ingsun mangke dipun aturi | tindak mring Surabaya | lawan wadyaningsun | Kumpêni ingkang angundang | apanggiha lan ingsun nèng Surawèsthi | punang duta wus mêsat ||
40–41 dari 86