Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 6
30–31 dari 86
294–303 dari 852
3.021 cinarita wontên kapitan satunggal | Pabèbèr kang wêwangi | Kumpêni prawira | ing sabrang tanpa sama | tate ambêdhah nagari | Pabèbèr mulat | Kumpêni akèh mati ||
3.022 Kaptin Bèbèr sigra mangsah ing ayuda | panggih lan Surapati | kapitan têtanya | sapa ranmu prawira | nauri sang adipati | hèh kapir ingwang | ya ingsun Surapati ||
3.023 kang jumênêng Dipati Wiranagara | prajurit sura sêkti | kang ngrusak Jakarta | mara sira bêdhila | Pabèbèr narajang aglis | sang adipatya | sigra wau binêdhil ||
3.024 wanti-wanti sinanjata datan pasah | malah têlas kang mimis | Radèn Surapatya | sigra malês anumbak | kapitan pan ora busik | putung kang watang | nulya tan narik kêris ||
3.025 Ki Pabèbèr sigra dènnya narik pêdhang | pinêdhang wanti-wanti | Radèn Surapatya | anging ta ora pasah | saksana angunus kêris | anuduk sigra | kapitan datan busik ||
3.026 pêdhangira kapitan sampun binuwang | dene dadi gulali | sira sang dipatya | curiganira sapta | sawiji [62] tan ana kari | kang băndayuda | dadya banting-binanting ||
3.027 Surapati sigra cinakot kang jăngga | ilêrira umili | nètèsi sarira | sigra sang adipatya | emut yèn patrême maksih | wontên ing êsak | sigra wau dèn ambil ||
3.028 dyan tinari Kapabèbèr ginoco kêna |[1] jaja bêngkah ngêmasi | ya ta kapisanan | komasaris tumingal | lamun Pabèbèr ngêmasi | miris ing driya | ya ta kasaput wêngi ||
3.029 rowang mungsuh apan ta kathah kang pêjah | wong dulangmangap ênting | sira panêmbahan | sampun mundur lon-lonan | ya ta wadyèng Surèngwèsthi | kang maksih aprang | rame rok silih-ungkih ||
3.030 winastanan dènnya aprang gêgorohan | dhatêng ing komasaris | ginariting nala | dening bala Mandura | akathah ingkang ngêmasi | tuwin Walănda | akêdhik ingkang kari ||
30–31 dari 86

 


Lebih satu suku kata: dyan tinari Pabèbèr ginoco kêna. (kembali)