Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 6
32–33 dari 86
314–323 dari 852
3.041 barisira pan lagya ayun-ayunan | kasaru duta prapti | saking Kartasura | utusane kang rama | timbalane sri bupati | Ki Sumabrata | kinèn ngipuk tumuli ||
3.042 Jêng [65] Pangeran Purbaya sigra utusan | marang nagri Kadhiri | saha mawi sêrat | punang duta umêsat | prapta nagari Kadhiri | Ki Sumabrata | apan sampun apanggih ||
3.043 punang sêrat apan sampun tinampanan | tinupiksa tumuli | ungêling nawala | hèh uwa Sumabrata | dika ngandikan sang aji | kinèn matuka |[1] mring Kartasura nagri ||
3.044 kangjêng rama arsa malês sih andika | milane dadya aji | pan sangking andika | duk anèng pabêthèkan | andika matur kakang ji | nulya jêng rama | anêkung ing Hyang Widi ||
3.045 mangke sampun tinêkan dening Hyang Suksma | tulus jumênêng aji | anèng Kartasura | Ki Patih Sumabrata | miyarsa ungêling tulis | mijil kang waspa | katiban sih narpati ||
3.046 sigra dandan lan saanak-rabinira | sigra minggat ing wêngi | tan kawarnèng marga | wus prapta pabarisan | lan pangeran wus apanggih | Ki Sumabrata | kinan[2] lajêng tumuli ||
3.047 mantuk marang ing nagari Kartasura [66] | sampun binaktan mantri | pan kinèn rumaksa | dhatêng Ki Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur ing nata | ngandikan marang ngarsi ||
3.048 Ki Apatih Cakrajaya sarêngira | sapraptane ing ngarsi | sang nata ngandika | hèh Patih Cakrajaya | ing mêngko parentah mami | Si Sumabrata | maksiha kang bupati ||
3.049 atêtêpa wong sèwu lêlinggihira | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | Ki Sumabrata | maksih dadya bupati ||
3.050 kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh dènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ingkang dadya senapati | ramening yuda | anèng desa Gulathik ||
32–33 dari 86

 


mantuka. (kembali)
kinèn. (kembali)