Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 6
32–33 dari 86
319–328 dari 852
3.046 sigra dandan lan saanak-rabinira | sigra minggat ing wêngi | tan kawarnèng marga | wus prapta pabarisan | lan pangeran wus apanggih | Ki Sumabrata | kinan[1] lajêng tumuli ||
3.047 mantuk marang ing nagari Kartasura [66] | sampun binaktan mantri | pan kinèn rumaksa | dhatêng Ki Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur ing nata | ngandikan marang ngarsi ||
3.048 Ki Apatih Cakrajaya sarêngira | sapraptane ing ngarsi | sang nata ngandika | hèh Patih Cakrajaya | ing mêngko parentah mami | Si Sumabrata | maksiha kang bupati ||
3.049 atêtêpa wong sèwu lêlinggihira | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | Ki Sumabrata | maksih dadya bupati ||
3.050 kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh dènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ingkang dadya senapati | ramening yuda | anèng desa Gulathik ||
3.051 sakathahe punggawa ing Kartasura | myang bupati pasisir | kalangkung sudira | para prajurit Daha | wong Kartasura angungkih | gêmpang suh sirna | wong Kadhiri kèh mati ||
3.052 Ki Tumênggung Katawêngan wus lumajar | prapta nagri Kadhiri | matur ing sang nata | lamun tiwas ing yuda | balanira kèh ngêmasi | Susunan Kendhang | langkung gugup ing galih ||
3.053 sri narendra [67] wus lumayu ngidul ngetan | sawadyane kang ngiring | Pangeran Purbaya | prapta kilèn bangawan | arsa ngancik ing Kadhiri | sabalanira | kasaru ingkang prapti ||
3.054 sangking Sampang wus tundhuk lawan pangeran | duta umatur aris | kawula dinuta | dhatêng rama panduka | Panêmbahan Mandurèki | atur uninga | mangke kasoran jurit ||
3.055 wadya dulangmangap pan kasor sadaya | tuwin bala Kumpêni | pan tumpês sadaya | datan măngka[2] puliha | ingamuk mring Surapati | langkung prawira | tan mundur dèn bêdhili ||
32–33 dari 86

 


kinèn. (kembali)
măngga. (kembali)