Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 6
36–37 dari 86
354–363 dari 852
3.081 Pangran Mangkunagara lan Pakuningrat | miwah kang para mantri | sangking Kartasura | sami kêbut sadaya | sawiji tan ana kari | sigra umangkat | ingantang dèn margani ||
3.082 mêsun ngalèr ing gargut lampahing bala | gênti ingkang winarni | Pangeran Purbaya | wus budhal saking dharat | lan wong Sampang Surawèsthi | sarêng umangkat | tuwin bala Kumpêni ||
3.083 lagya wau dènira lumampah |[1] wong Pasuruan prapti | tandange lir yaksa | narajang saking wuntat | wong Kartasura tan gingsir | para nayaka [72] | sami matur ing gusti ||
3.084 lamun mêngsah adhatêngi saking wuntat | Pangeran Adipati | Purbaya ngandika | saking luhuring kuda | pagutên sarwi lumaris | mungsuh kang prapta | nanging dèn ngati-ati ||
3.085 ayya kongsi owah iya tatanira | aja pêdhot lumaris | sagung pra nayaka | anulya mundur sigra | kang wuri sampun ajurit | wong Pasuruan | akèh longe kang mati ||
3.086 Pangran Purubaya eca alêlampah | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | anulya mundur sigra | angrasa tan angundhili | dènira yuda | wadyanira kèh mati ||
3.087 lajêng wangsul dhatêng nagri Pasêdhahan | kawarnaa sang aji | sira Sunan Kendhang | têdhak mring Pasuruan | anunggal lawan Dipati | Wiranagara | arsa ngawaki jurit ||
3.088 Sunan Kendhang sampun prapta Pasêdhahan | watawis tigang ratri | Pangeran Purbaya | anulya wau prapta | miwah kang bala Kumpêni | wadya Mandura | saking kidul dhatêngi ||
3.089 anut marganira Radèn Surapatya | wadya Bali tan uning | lamun tinututan | mring Kumpêni wong Sampang | dene anglangkungi biting | wong Pasuruan | samya kagyat tan sipi ||
3.090 lamun [73] tiyang Sampang Surabaya prapta | tuwin bala Kumpêni | samya kagegeran | sigra-sigra adandan | tuwin sira adipati | Wiranagara | arsa mapag ing jurit ||
36–37 dari 86

 


Kurang dua suku kata: lagya wau dènira arsa lumampah. (kembali)