Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 55
49–50 dari 257
490–499 dari 2.562
14.013 pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | amasanggrangan sami | sagung pra dipatya | Tumênggung Janapura | miwah Adipati Pathi | wus masanggrangan | suka wadya Matawis ||
14.014 Ki Tumênggung Sujanapura samana | akasukan ing latri | sami babêdhayan | kumpul wong Janapuran | wau kang Dipati Pathi | sabalanira | sami sayah ing jurit ||
14.015 Adipati Bragola eca anendra | gantya ingkang winarni | wong Sampang Balega | Sumênêp ing Mêkasan | Pakacangan Aribanggi | apagunêman | sêdya mangamuk wêngi ||
14.016 Adipati Mêkasan asru ngandika | ana anggawa mênir | padha sasêliran | mantri ingkang prawira | sok matia salah siji | wong ing Mataram | kang dadi senapati ||
14.017 pondhokane Dipati Sujanapura | payo jinujug dhingin | anuli umangkat | wong Sampang wong Balega | Sumênêp lan Aribanggi | anulya prapta | pondhokaning Matawis ||
14.018 wus lumêbu pondhokane Janapura | sigra angamuk wani | gègèr wong Mataram | Tumênggung Janapura | badhayane dèn kêploki | angamuk rampak | kumroyok anumbaki ||
14.019 Adipati Mêkasan nuli narajang | mring Janapura[1] aglis | sigra anêlêmpak | Tumênggung Janapura | atangginas tangkis kêris | maksa dharadhag | gulu iringan kêni ||
14.020 amung bilur [[70] 70] Sujanapura aniba | pan nuli dèn kakahi | mring sang adipatya | ing Pamêkasan sigra | sinuduk jajanya kêni | lali sakala | uwal dènnya ngakahi ||
14.021 wus lumayu Dipati ing Pamêkasan | pan sarwi nandhang kanin | ingkang ngamuk bubar | Dipati ing Mêkasan | pêjah anèng puranèki | Sujanapura | pêjah nèng puranya glis ||
14.022 sakathahe para santana Mataram | tan ana mirsa warti | wong măncanagara | pasisir tan uninga | jêjêlèh pating jalurit | Sujanapura | swarane wong anangis ||
49–50 dari 257

 


Variasi: jNpur untuk nama Janapura atau Jênapura (dan di tempat lain). (kembali)