Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 55
51–52 dari 257
505–514 dari 2.562
14.028 gêgancangan lampahe prapta Mataram | lumêbèng jroning puri | umatur sang nata | amba atur uninga | ngaturakên pati urip | tiwasing karya | tan jaya ing ajurit ||
14.029 abdi dalêm Sujanapura palastra | giris wadya Matawis | tan wontên maguta | yudane wong Madura | anjêngêr sri narapati | datan ngandika | Sri Bupati Matawis ||
14.030 hèh Sêlarong kayaparan karsanira | ing mêngko wong Matawis | yèn mêngkono uga | apa kinèn mundura | Pangran Silarong tur bêkti | atur kawula | nuwun duka narpati ||
14.031 yèn marêngi ing karsa sri naranata | pun kaki Jurukithing | tuwan lampahêna | dhumatêng ing Madura | kagyan[1] ngandika sang aji | pan maksih gêsang | si kaki Jurukithing ||
14.032 pan dèn aglis ya si kaki timbalana | milua nglurug aglis | marang nagri Sampang | sigra Pangran Dipatya | Silarong tur sêmbah pamit | mijil ing jaba | gêgancangan lumaris ||
14.033 tan winarna ing marga sampun aprapta | ing Pagambiran aglis | anuli kapêdhak | kalawan ingkang eyang | sinapa sêbdanya ris |[2] dhatêng kang eyang | Pangran Slarong ngujungi ||
14.034 sapa iki kang wayah sigra tur sêmbah | wayah dika pribadi | Silarong Pangeran | kagyat wau kang eyang | kadi pangeran praptèki | baya na karya | pangran umatur inggih ||
14.035 pan kawula ingutus wayah paduka | Sri Narendra Matawis | nimbali paduka | lah iya ana [[72] 72] apa | animbali marang mami | karsa narendra | pangran umatur aris ||
14.036 lah paduka eyang kinèn angluruga | mring Madura nagari | ingkang prang Madura | senapatine pêjah | wong Mataram sami wingwrin | mila paduka | abantu ing ajurit ||
14.037 asarênga eyang kalihan kawula | abantu ing ajurit | Ki Juru lon ngucap | wus lali ingsun aprang | lêlakone tan kadugi | matur kang wayah | kawula tandhu kaki ||
51–52 dari 257

 


kagyat. (kembali)
Kurang satu suku kata: sinapa sêbdanya aris. (kembali)