Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 55
52–53 dari 257
519–528 dari 2.562
14.042 Kyai Juru angliwêt ing kêndhilira | pan sampun matêng aglis | nuli kinêpêlan | Ki Juru angandika | hèh [[73] 73] jêbêng Dipati Pathi | sira dumana | mring sagung pra dipati ||
14.043 wus ingêdum sakèhing para dipatya | ya ta wadya Matawis | ingkang pêjah rana | prasami ginêntenan | marang ing anakirèki | kang tanpa suta | kapunakan kang dadi ||
14.044 kang sawênèh sadulure kang gumantya | sawênèh sanaknêki | ingkang lêsning pisan | tanpa suta myang kadang | pratinggine desa dadi | sampun warata | sêsulihing kang mati ||
14.045 Pangran Juru samana akèn liwêta | pan kêndhilira malih | aglis matêngira | apan sami dinuman | sawarnane kang prajurit | sampun warata | sigra tangara muni ||
14.046 pan gumêrah swarane wadya Mataram | siyaga magut jurit | kang para dipatya | miwah para punggawa | rêmbage angantêp jurit | umyang gumêrah | swarane bêndhe muni ||
14.047 dyan warnanêng para dipati ing Sampang | têngara magut jurit | kang para dipatya | miwah para punggawa | Sampang Balega Ribanggi | rêmbag sadaya | sami rêmpon ing jurit ||
14.048 sampun prapta ing rana sawang-sinawang | wong Madura ningali | agiris sadaya | prajurite Madura | tan ana ingkang darbèni | wanine ilang | langkung dènira wingwrin ||
14.049 nuli bubar barise Dipati Sampang | lumayu rêbut dhingin | wong Pathi Mataram | lir buta amamăngsa | ingkang kacandhak kèh mati | kang kawuwusa | Dipati Sampang prapti ||
14.050 ing jro kitha rêmbage samya nungkula | ngaturkên pati urip | ing Sultan Mataram | pan sampun karya surat [[74] 74] | utusan sampun lumaris | Sang Adipatya | Sumêdhang lan ing pathi ||
14.051 pan wus katur surat dhatêng ingkang putra | Sumêdhang lan ing Pathi | têmbunge kang surat | anuwun tinanggunga | inggih dipati kêkalih | tur pêjah gêsang | dhatêng Sultan Matawis ||
52–53 dari 257