Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 55
49 dari 257
481–490 dari 2.562
14.004 sarêng nêmpuh tandange lir gajah mêta | wong Pathi anadhahi | Dipati Bragola | akukuh yudanira | angêdhangkrang payung kuning | ingamuk sigra | dèn êbyuk [[68] 68: ê...byuk] tan gumungsir ||
14.005 prit anêba gêlare wadya Madura | sadaya golong pipis | sagunging dipatya | kapat ngawaki yuda | wadya Mataram nadhahi | ulêng-ulêngan | rame asilih ungkih ||
14.006 wong Mataram gêlare garudha nglayang | sabête wadya Pathi | bala ing Pasundhan | tinêmpuh pêngkuh tadhah | wong Madura anguwati | dimêr ngamuknya | tan ana ngucap ajrih ||
14.007 Adipati Pasundhan balane rusak | mawur wadya pasisir | Dipati Sumêdhang | tinilar wadyanira | wus rusak tataning baris | ya ta tumingal | adipati ing Pathi ||
14.008 ngajêngakên sagunging măncanagara | ngêbyuki saking kering | binendrong sanjata | miwah Sujanapura | anrêgakên ingkang baris | wadya Mataram | prasami buwang bêdhil ||
14.009 caruk awor kang yuda sami prawira | rame ingungkih-ungkih | aliru gonira | tan ana nêdya gêsang | wong Madura akèh mati | karoban lawan | ngamuk tan angundhili ||
14.010 Adipati Sumêdhang sawadyanira | ingkang lumayu bali | nêlambung ing yuda | wong Madura anjola | wus rusak tataning baris | saya kèh pêjah | miwah kang nandhang kanin ||
14.011 wong Madura sakarine ingkang pêjah | ngisis lumayu gêndring | sami salang tunjang | dipati ing Madura | Sumênêp sami lumaris | wadya Madura | palayune tan olih ||
14.012 wong Mataram pamburune lir danawa | amăngsa olèh daging | wadya ing Mataram | lir [[69] 69] bajo angêjawa | ingkang kacandhak kèh mati | mawut sasaran | pati-pati bêntusi ||
14.013 pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | amasanggrangan sami | sagung pra dipatya | Tumênggung Janapura | miwah Adipati Pathi | wus masanggrangan | suka wadya Matawis ||
49 dari 257